get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 45: Demenan

Kamis, 17 November 2022 | 22:10 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 45: Demenan. Foto: Feepik

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas kehidupan Yatni setelah tiga bulan bekerja di toko roti. Namun tak disangka, Lukman mulai menyukai Yatni dan melihat adegan yang tak terduga saat mampir ke rumah Murni.

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 45 kali ini berjudul, 'Demenan'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dikutip oleh iNewsPurwokerto.id dari Novel karya Umi Asmarani dengan judul "Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon" pada, Senin (17/11/2022), selamat membaca:

Uwis telung wulan Yatni ngode neng toko roti ne Lukman, tokone dadi rame maning, wong Yatni bocaeh sumeh, jamehan. Lukman bungah pisan, meh unggal dina dadi sregep tilik toko, ora keri mesti nyangking jajanan kanggo Murni.

Esuk kie Lukman gasik teka maring toko arep aseng Yatni karo Murni plesir, sedawane neng kene ora tau lungan maring ngendi-ngendi. Lukman kayong sejen slengate, apa iya Lukman molai demen maring si Yatni.

Toko esih tutup, Lukman mejet bel sing ana neng tembok, ora ganti sue Murni mbukakna lawang.

"Mamake ndi, Mur? Kie jajan kanggo Murni." Lukman ngebrukna kresek isi jajanan.

"Mamake lagi neng senthong, mengko mamake tek celuk." Murni mlayu maring senthonge Yatni.

Senthonge lurus sekang bale tengah anjog toko, pas Murni mlebu lawange mbukak katon Yatni lagi klamben. Lukman sing weruh mbok deg, wong sue ora nyanding bojo. Lukman api-api ora weruh ningen Yatni ora sengaja weruh Lukman langsung negi lawang senthong.

"Ko deneng ora ngomong nek Om Lukman lagi neng kene, maning-maning celuk-celuk disit ya."

Seuwise rampung klamben Yatni metu nemoni Lukman.

"Arep gawe wedang apa Mas?" 

"Apa bae, seanane..." 

Yatni mlebu maring njero gawe wedang kanggo Lukman, ora kedep Lukman olieh ndelengna Yatni, ngasih ngilang neng pedangan.

Ora ganti suwe Yatni nggawa baki isi cangkir kopi, Yatni ngedunna cangkir maring meja. Ora kemaha benik klambine Yatni urung di kancing dadi klambine ndobleh, mandan katon njerone.

"Gleeggekk..." swara Lukman ngeleg idoh.

"Monggo Mas..." Yatni urung emut klambine bukak bagian nduwur.

"Duuhh...jantungku deneng kaya kie rasane, awake kayong semromong ora genah temen, klambine Yatni ngganggu banget, angger inyong ngomong mbok isin, tapi angger ora ngomong mbok ndarani inyong kesenengen weruh barang melong neng njero klambi. Piwe kie ya..." Lukman ngomong dewekan neng bathin.

"I-iya...kesuwun Yat..." Lukman nyecep kopi neng sandinge.

"Punten Yat, klambine urung dibenik kue." akhire Lukman ngwanikna ngomong.

Yatni langsung nyikrep bagian nduwur langsung ngancing klambine, raine abang semu jambon saking isine.

"Punten...miki klambene gagianan, si Murni bukak lawang ora ngomong."

"Yat...anu..." Lukman arep takon maring Yatni babagan jejodoane Yatni karo bojone ningen ora wani.

"Anu apa Mas...masalah toko apa masalah apa Mas..."

"Ora...ora sida, ramane karo biyunge wis sida dikirimi duit Yat?"

"Uwis Mas, jere lagi butuh kanggo ngrumat sawah karo adine inyong arep ujian. Dasare inyong nembe kirim wulan siki, wong gajian sing ganu kanggo tuku kebutuhane dewek."

"Oh ya...apa Kowe ora pengin bali maring ndesa, angger pengin bali, kangen karo Rama lan Biyungmu ya kapan-kapan tek jujugna."

"Jane sig inyong kangen maring Ramane, tapi kapan-kapan bae lah, gampang Mas..."

"Yat..." Lukman nyekel tangane Yatni.

"Degg!" jantunge Yatni kaya copot mlayu sekang wadaeh. Sedawane pisah karo bojo, nembe kie perek karo wong lanang. Ewang-ewangan tahunan, siki bapane Murni uwis bojo maning karo wong Jakarta, surat pegatane ya wis dicekel neng Ramane ningen Yatni urung pengin umah-umah. 

Lukman bos sing due toko, meneng-meneng demen maring Yatni, apa mungkin saking seringe ketemu apa Lukman kue jodoh sing dikirim neng Gusti Allah.

Yatni ndelengna Lukman sing esih nyekel tangane deweke, tangan sing maune kemrenyes sue-sue anget, banjur gawe panas seawak. Jantung ora mandeg-mandeg golih kemrutug.

"Eumm...Mas Lukman...inyong...anu...kie...anuu..." Yatni ora sanggup nerusna omongane.

"Anu apa..." Lukman ndelengna Yatni sing esih ndengkul bae.

Tangane Lukman numpang siji maning, siki tangane Lukman lorone wis nyekel tangane Yatni kabeh. Mripate pada pandeng-pandengan, Yatni katon byuk-byukan ora kuat nahan raga sing meh bae ora kuat nyangga.

Lukman nggeser awake njejeri Yatni, ningen nembe bae jejeran si Murni mlayu sekang senthong celuk-celuk Yatni. Yatni karo Lukman langsung mlebu maring senthong niliki Murni.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut