get app
inews
Aa Read Next : Apa Itu Malam 1 Suro? Dianggap Keramat dan Sakral bagi Masyarakat Jawa

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung

Kamis, 24 November 2022 | 21:27 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung. Foto: Pinterest/@sonyarifif

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai keberhasilan Yatni setelah mendapatkan gaji dari hasil kerjanya di Bandung. Kini, Yatni dapat mengirim uang untuk nini Sal di desa.

Dari hasil uang kiriman Yatni, nini Sal membelikannya untuk perhiasan. Sementara itu, dia menjadi tertarik untuk berkunjung ke Bandung menjenguk Yatni.

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 46 kali ini berjudul, 'Rencana Maring Bandung'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dikutip oleh iNewsPurwokerto.id dari Novel Basa Panginyongan pada, Kamis (24/11/2022), selamat membaca:

Nini Sal wis ngerti Yatni neng kana ngode kepenak, seuwise nampa kiriman gede duite dinggo tuku emas kanggo simpenan.

"Duite wis entong Pa... sing nggo nyaur mbekayu Rikem karo duit adol gula bae kue. Inyong ya pengin dolan maring Bandung tilik Murni, dadi kemutan biasane wayahwene geger jaluk jajan." nini Sal kelalen ndean nalika Murni neng kene ora tau diwei duit jajan.

"Angger duit adol gula nggo nyaur Mbekayu Rikem dewek sing nggo agan Diwan angger bali karo apa..."

"Lah mbok saben dina nderes ikih, Pa..." nini Sal mbari jajali gelang karo kalung neng ngarepane kaki Parta.

"Ya wis ngonoh karepmu, bodo-bodoa... maring Bandung sangune nunggu adol gula ngemben. Kae badege mbok mbedah inyong arep ngepluki suluh sing neng pinggir sawah." kaki Parta menyat ngesaki slepa wadah ududan, banjut lunga.

Nini Sal esih ilang-ileng gelang sing lagi dienggo.

Krungu Yatni wis kerja kepenak nini Sal bungah pisan, merga pikirane nini Sal, Yatni kena nggo tunutan. Apa maning nek ngerti Yatni lagi didemeni bos roti mbuh arep apa sing mengko dijaluk.

"Genine tek cuncek bae disit lah, arep nyaur utang maring Mbekayu Rikem ndisit." nini Sal nyuncek geni sing lagi molab-molab. Mlebu maring senthong, ngaca karo nganggo kalung gelang, bolak-balik ora rampung-rampung olieh ngaca. Kaya bintang pilem sing lagi akting.

Ora ganti suwe, nini Sal mangkat sengkud maring umaeh nini Rikem. Sekang kadoan nini Rikem lagi rikat-rikat neng latar umah dibatiri kaki Tupon sing lagi udud.

"Jiaannn kaya penganten anyar bae rika tah, ora kaya tanggane sing esuk-esuk wis pada gegoh."

"Tanggane inyong sing tukang gegoh ya mung rika tok."

"Hii hii...iya pancen bener rika Kang..." nini Sal semaur ngakoni karo ngguyu.

Nini Rikem liren olieh rikat-rikat, njagong neng risban jejeran karo kaki Tupon. Nini Rikem mlirik maring anggon-anggone nini Sal, jero menenge ya gemrendeng. 

"Saall...Saall...utang be urung disauri koh kemrincing, moga-moga teka ngeneh karo nyaur."

"Kepriwe kabare Yatni? Joko kandah neng tilpun jere wis ngode neng tokone batire, kon tunggu toko karo ngrumatna umah sisan. Malah jere Joko, sing dueni kue anu duda."

Nini Sal meneng bae, ningen pikirane mlaku-mlaku.

"Deneng Yatni lagi tilpun ora kandah maring inyong, mandaran wis olih kitir randa ikih, caraku ya bose dipereki bae, mbok menawa ana jodone. Ngemben tek sidakna mangkat maring Bandung kie tah." nini Sal ngomong neng batin.

"Eh, iya Yu...winginane wis kirim duit, kie karo nggo nyaur rika, kurangane kapan-kapan. Yu... Risah Bandunge neng ngendi, inyong pengin dolan maring panggonane Yatni."

"Ya kesuwun kie duite, Risah karo Joko bareng sekomplek siki tah, angger karo Yatni mandan adoh..." nini Rikem nampani duite banjur dibundel.

Nini Sal esih krampyang-krimpying nyincing-nyincingna lengen klambi bae.

"Yung...Yung... Sali arep disunati, miki sekang sekolahan digawa bali lagi diundangna mantri." Denok mlayu-mlayu sekang sekolahan.

"Anu kepriwe critane deneng sunate dadakan temen..." kaki Tupon takon karo kewatir.

"Anu mau tes pipis, olieh nyleting keseron banjut m*nuke kecangkol sleting Maa...bocaeh nangis bae, dadi inyong melu bali gasik."

"Jan...jan...ana-ana bae...mulane Joko ora mbaranggawe genah anu sunat dadakan gemien."

"Dadi batire bali gasik kabeh..." nini Sal takon maring Denok.

"Iya Bi. Sali nangis bae, pak guru karo bu guru jujugna bali miki karo inyong sisan."

"Ya wis inyong arep bali, lagi ninggalna badeg kie, mbok rika arep melu maring Bandung ya mayuh pada mangkat bareng ngemben." 

"Si Denok urung ana preian, jane sih pengin nunggoni Risah, lagi nyidam tapi ora doyan mangan apa-apa blas, mung nginum tok."

"Ohh...dadi wis nyidam Mbekayu, wis umur pira Mbekayu?"  

"Nembe ngancik rong wulan kie."

"Jan langsung dadi yoh."

"Ya tibane suwung sewulan, wong let pengantenan esih ketekan dayoh wulanan."

"Ya wis ngemben mangkat bareng bae, ijin disit ya kena si Denok ngesuk. Bali Mbekayu..." nini Sal menyat karo nyincingna klambi men gelange katon. Ningen nini Rikem ora kaget, deweke gelang pirang-pirang ora tau dinggo."

Nini Rikem nyanggupi ngemben pada dolan maring Bandung tilik Risah sing lagi nyidam.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

 

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut