"Mayuh bali bareng, dadi ana batire." Nini Sal ngulungna tangan ngaseng bali bareng mbari nguja kon gelang sing akeh katon.
"Mayuh, inyong ya wis rampungan ikih."
Nini Rikem karo Nini Sal bali bareng trut pinggiran sawah. Nini Sal sing lagi pamer werna-werna mung dirungokna tok. Siki nini Rikem ora mempan merga wis ngerti wateke Nini Sal cokan pamer.
"Mampir ngumah disit ayuh, inyong due gathot wis tek urab kae mau." nini Rikem aseng Nini Sal dikon mampir ngumaeh.
"Kesuwun mbekayu...inyong ya wis olah-olah akeh kae mbok ora ke pangan, Si Diwan mengko arep mangkat maring kos-kos ane neng Purwokerto." Nini Sal semaure semu nggaya.
"Oh, iya...ya kon ngati-ati kue Si Diwan." Nini Rikem menggok maring latare dewek wong umaeh lewih perek.
Nini Rikem mlebu maring ngumah weruh Kaki Tupon nembe rampungan ringkes-ringkes suluh. Jajane Kaki Tupon nggo ngiseni slepa sing suwung di sandingna nang inggir meja.
"Nini Sal lah dadi wong koh pamer pisan, apa-apa di pamerna, kupinge inyong risih nggrungokna." nini Rikem njagong neng Risban.
"Pamer apa maning sih Yung, ya gari dirungokna mbok, rika ora usah panasan dadi wong."
"Inyong ora panas ningen blenger, emas inyong due akeh kae nggo ngapa inyong panas, Maa..."
"Ora panas ning kesuh ya ora beda."
"Mbuh lah rika maning sih..." nini Rikem banene kesuh ora trima di waraih bojo, anggepane dewek bener pisan.
"Bar adol gula kudune asoy-asoy malah bali mbesengut, ujarku bali adol gula mumpung bocaah lagi dolan, dilabuih Yung...Yung..."
"Halah rika maning sih, tanduk bae tembungane, apa ora kesel esuk, sore, awan, bengi..mbok beyekane nyangkreng ngesuk ora teyeng nderes ketungkul nderesi sing neng ngumah bae."
"Genah nggo ngobati beyekan nyangkreng jere koh, dadi esuke bregas golih nyambut gawe." kaki Tupon semaur karo nylimur.
Nini Rikem mbari kesuh egat-egot mlebu maring senthong ndelah duit adolan gula. Kaki Tupon ora wani ngetutna mbok andon di gentak neng wadone wong katone arep ora diwei.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait