Kaki Tupon mlebu pedangan jikot gedang, banjur di sandingna neng meja bale umah.
"Hayang cau Aa..." Wati nawani gedang maring anak lanange.
"Udu cau, kue gedang...gedang ambon." nini Rikem genahna maning maring mantune.
"Iya, kue gedang..." kaki Tupon melu numpangi.
"Mah, cau itu gedang kalau di sini..." Joko nggenahna maning maring wadone.
"Oh, Wati teu ngarti."
"Ari ieu naon Mak..." Wati nidokna emblem lewian sore esih neng piring.
"Udu naon...kue emblem..." nini Rikem semaur karo jikot emblem.
Joko ngguyu wong kandaeh Wati karo biyunge gawe guyu. Kaki Tupon ya melu ngguyu senajan ora ngerti mangsude.
"Wati takon kue panganan apa Yung..." Joko semaur esih karo ngguyu.
"Lha iya, inyong wis njawab udu naon tapi emblem..." nini Rikem esih ngeyel ujare bener.
"Ohh...naon sih apa?" nini Rikem mbalik takon.
"Naon genah apa..."Joko nerangna maning wong biyunge katon bingung.
Wong se bale pada ngguyu kabeh, Risah metu maring njaba melu ngguyu senajan ora ngerti apa sing lagi dadi guyon.
"Oalah jan...inyong ya ora ngerti, kue mengko kudu diwaraih kon basa Banyumasan, Joko...dadi inyong karo ramane ora bingung yoh Maa..." nini Rikem ngadep maring kaki Tupon.
"Iya kudu bisa mengko-mengkone, wong inyong wong bodo ora teyeng ngomong cara sunda." kaki Tupon melu semaur.
"Iya, Yung, Maa...mengko angger wis sue ya mesti teyenge."
Rasa bungah sing ora bisa diukur, mriange nini Rikem kayong mari. Ngumpul neng bale karo medang emblem, panganan lawas sing Joko sue ora mangan. Wati sing udu wong kene banene mung nyipi tok kayane ya ora doyan.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait