get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 29: Dakwen

Senin, 22 Agustus 2022 | 21:10 WIB
header img
Cerita Banyumasan kali ini menceritakan ketika nini Sal dijuluki dakwen. Dakwen adalah orang yang suka ngomong apapun atau apa-apa dibilang.

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini menceritakan ketika nini Sal dijuluki dakwen. Dakwen adalah orang yang suka ngomong apapun atau apa-apa dibilang.

Selain dakwen, Nini Sal kerap cemburu sama Kaki Tupon dan Nini Rikem yang tidak pernah bertengkar.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Dakwen'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Senin (22/8/2022):

Dina kie umaeh nini Rikem katon rame, akeh bocahan pada dolanan neng latare merga biyunge ana sing pada rewang olah-olah.

Kaki Tupon mbeleh jago telu karo meres klapa nggo agan mengke bengi gotekane Risah. Nini Rikem direwangi nini Sal karo nini Tas sing ngrumat jago karo janganan liane.

"Berati gawe sroto, gawe gule, karo digoreng kie ayame Yu..." nini Sal takon mbari mbeduli wulu ayam jago.

"Iya, akone ramane sing ora doyan gule dadi bisa mangan sroto apa liane. Mulane gawe kupate mandan dilewiih dadi kena nggo berkat mengko."

"Oh, iya...ya ngeneh kue klapane inyong sing marud, ko sing bagian mbeduli wulu." nini Sal menyat nyukil klapa, jagone diweken nini Tas.

Nini Dar karo nini Rikem sing lagi gawe kupat karo ngurusi janganan. Senajan nembe gotekan, tapi nini Rikem aseng tangga teparo pada kon melu rewang.

Kaki Tupon mlebu maring umah ndelah bendo," Yung, kie arep nyilih risban pira ya, apa cukup anggone kaki Partha tok apa karo nyilih sapa maning..."

"Ya ngarah telung pasang Ma...nggo wonge dewek mestine ana wong lima sing kon nampani, tamune ana sepuluh urung mbok ana bocahane. Karo petromak aja kelalen nyilih siji maring kaki Parta." nini Rikem mbari nyekel pegawean mbari semaur maring kaki Tupon.

"Ya wis, inyong arep golet wong kon rewang gotongan risban disit."

Kaki Tupon lunga golet wong kon ngurusi bagian ngarep. Anane wong sakeloron pada bagi tugas dewek.

"Rika tah dadi wong koh kayong tentrem temen ora tau ribut, inyong iri karo rika mbekayu..." ijig-ijig nini Sal nylemod omongan.

"Sing arane wong urip ya ana bae masalaeh, ningen ora kudu diumbar neng kana-kana cukup dewek sing ngerti." nini Rikem semaur karo mesem.

Nini Sal rampungan marud banjur asah-asah neng sumur mburitan. Neng kana ana nini Dar sing lagi nglimbang iwak ayam.

"Yu...Risah temenan arep digoteki tentara apa anu tentara lomboan?" nini Sal takon mandan krisik-krisik.

"Inyong ya ora ngerti, jere tah tentara wong Banyumas, gari dideleng bae mengke bengi, ora usah kandah werna-werna." nini Dar semaur karo tetep nglimbang iwak ayam.

"Iya, inyong gur takon, mbok anu tentara lomboan mbokan melas Risah."

"Beritane wis geger olih tentara jebule mengko anu tentara lomboan, mandaran urung genah tentara be koh wis pamer disit." batin ala ne nini Sal.

Nini Sal mlebu ngumah maning, jalaran lawan omonge ora ngimbangi. Nini Sal pancen wong dakwen, apa bae diomong apa bae diaruh-aruih.

Mlebu maring pedangan weruh nini Rikem lagi jejeran karo kaki Tupon, nini Sal dehem." Lagi akeh wong enggane kaya penganten anyar bae kaya kue, arep labuh ya mengke bengi mbok Kang."

Nini Rikem karo kaki Tupon nylinguk." Ya iya, siki ya ora kober munggah nggo mengke bengi dobel sisan gawe, Parta wis munggah mau bengi mbok."

Jane antarane wong sakeloron lagi kandah arep ngundang sapa bae sing kon nekseni. Ningen nini Sal kayong cemburu weruh wong loro pada jagong jejeran neng pinggir amben. Nini Sal cemburu maring jejodoane kaki Tupon karo nini Rikem merga akur ora tau gegoh kaya deweke. Nini Rikem sing ngerti gelagate nini Sal langsung menyat.

"Ari kepengin ya ayuh Ma... ana sing lagi rewang ikih dewek mlebu maring senthong disit, mandaran paling setengah jam rampung ikih." nini Rikem menyat nggered tangane kaki Tupon.

Kaki Tupon bingung ora ngerti mangsude, angger nini Sal wis ngerti, mesem sinis ngasih lambene menceng. Nini Rikem nguja nggered kaki Tupon maring senthong jalaran kesuh maring nini Sal sing pegaweane gur ngandakna karo nginggeng jejodoane wong lia.

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut