get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 30: Tamba Kesel

Kamis, 25 Agustus 2022 | 21:21 WIB
header img
Cerita Banyumasan kali ini mengkisahkan ketika ada obat lelah yang hanya diketahui oleh Kaki Tupon dan Nini Rikem. Foto: ilustrasi

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini mengkisahkan ketika ada obat lelah yang hanya diketahui oleh Kaki Tupon dan Nini Rikem. Sebelum cari obat lelah, Nini Rikem minta gendong. Keduanya kemudian masuk ke kamar. Lampu dimatikan

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Tamba Kesel'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Kamis (25/8/2022):

Nini Sal mbebret ngomeih anak wadon, kaki Parta esih meneng ngrungkna nini Sal sing urung liren olieh mbebret. Yatni sing neng njero senthong nangis karo ngrangkul anake.

"Wis Yung... rika ora emut yoh, omongane rika nglarani Yatni... jodo kue peweweh Gusti Allah. Nasibe Yatni ora pada karo Risah, dadi ora usah madak-madakna. Rika kue ora isin, watek ya ajeg bae... mbok ya wis maju tua maju dimareni." Kaki Parta mereki nini Sal.

"Lah apa Yatni ora ngerti ganu, pahale bojone kue apa... kae deneng Risah genah pahale dadi tentara." nini Sal esih ngotot.

Kaki Parta mlebu senthonge Yatni mbari ngelus pundak." Omongane biyungmu ora usah dirungokna, anu wis dadi wateke, ngerti dewek ikih. Kae berkat, ana gule ana sroto."

Kaki Parta melase be sepira maring anak wadon sing ora tau dipahalna neng bojone, ditambah biyunge golih ngomong ora due rasa. Kaki Parta metu maring bale maning, mereki nini Sal.

"Kue ora isin, nyilih gelang karo ali-ali nggo andon pamer tok, balekna kingana maring sing due." kaki Parta ngleos mlebu senthonge dewek.

Nini Sal ndengkul ndeleng ali-ali karo gelang sing esih ngethapel neng jenthik karo lengene.

"Bapane, inyong moh balekna, rika kudu tanggung jawab nukokna gelang karo ali-ali nggo inyong. Pokoke ngesuk kudu tuku, tangane nganggur ora anggon-anggon gara-gara rika sing adol nggo bali si Yatni."

Kaki Parta meneng bae neng senthong," Ujarku rika kena nggo biyung nggo anake inyong Mboke... melas si Yatni, kawit lair ora weruh biyung, pisankala nemu biyung sambung wateke kaya bocah cilik." kaki Parta kandah-kandahan neng batin.

Nini Sal jejodoan karo kaki Parta olih duda wis nggawa anak siji, nalika babaran si Yatni bojone kaki Parta sing disit ninggal, merga ari-arine ora metu. Senajan duda, kaki Parta wong sugih uga bagus, mulane nini Sal milih kaki Parta ninggalna kaki Tupon sing dijodohna neng wong tuane kaki Tupon.

"Braakk!!" lawang senthonge kaki Parta dibukak sekang njaba.

"Nyah!! Kie balekna rika nganah, ngesuk inyong tukokna sing anyar." nini Sal mbalangna ali-ali karo gelang maring wetenge kaki Parta sing wis mapan turon.

"Ya ora teyeng, wong inyong wis udu bakul wedhus."

"Lha ora urus pokoke kudu tuku ngesuk." nini Sal metu karo cangkred-cangkred.

Nini Rikem karo kaki Tupon esih neng bale, sing pada rewang wis bali kabeh.

"Yung, kayong nini Sal nganggo gelange rika apa..."

"Iya nyilih, jere isin jenthike suwung, dueke dewek didol nggo marani Yatni sekang Jakarta. Arep ora disiliih ya mbok ndarani wong ala temen."

"Ya ora papa, siki wis dibalekna apa urung?"

"Urung...kelalen ndean."

"Kie Risah karo bocahan pada nginep neng umaeh Joko kabeh apa Yung deneng amleng."

Umaeh katon sepi, lampu petromak wis disipet, gari teplok loro tok. Kaki Tupon ngancingi lawang ngarep karo pedangan.

"Rika tah dadi wong koh lotah temen, emas enggane di silih-silihna. Inyong wedi mbok bojo ya melu disilihna maring tanggane."

Nini Rikem mlirik maring kaki Tupon," Bojo tah ya ora leh Maa... wong inyong be esih doyan ya ora bakalan tek silihna wong." 

"Inyong sih gelem bae..." kaki Tupon semaur karo nyipet teplok sing neng bale.

"Alakae padune rika sing pengin disilihna." 

"Ayuh pada turu kesel." kaki Tupon aseng mlebu senthong pada turu.

"Gendong Ma... inyong be kesel." nini Rikem semaur karo gronongan ( aleman ).

"Hmm...kaya bocah bae, kie sing gawe inyong ora bisa kelalen, nderes be katonen rika ager lagi lendotan terus. Turu karo rika kue kena nggo tamba kesel, bisa marikna awak pada lara, rasa ya bombong, esuk tangine bisa gasik semangat nyambut gawe."

Kaki Tupon karo nini Rikem pating jegigis pada tutut-tututan mlebu senthong golet tamba kesel. 

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut