get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 31: Gotekan

Senin, 29 Agustus 2022 | 20:15 WIB
header img
Kehidupan suasana di Desa Banyumas (Foto: Ist).

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini mengkisahkan ketika nini Sal bersama kaki Parta pamit setelah selesai dari rumah kaki Tupon. Kebetulan mau ada acara pernikahan. 

Seharusnya, nini Sal ikut bahagia. Tetapi sampai rumah malah uring-uringan. Apalagi setelah melihat Yatni anaknya yang suaminya tidak jelas. Karena nini Sal membanding-bandingkan.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Gotekan'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Senin (29/8/2022):

Acara gotekan sedela maning, nini Rikem karo kaki Tupon wis klamben apik. Lampu petromake wis murub bale ngarep karo pedangan. Nini Sal karo kaki Parta dikon melu nekseni gotekane Risah.

"Mbekayu...kae tege srotone di angeti siki apa mengko bae angger dayoeh teka?" nini Sal ndulit pundake nini Rikem.

"Mengko bae, ager dayoeh wis butul, enggal butul kayane."

Sedulur karo tangga teparo wis pada teka neng umaeh nini Rikem.

Nini Sal karo nini Tas tilik pedangan nyiapna sing nggo agan dayoh. Antarane wong sing neng kono langka sing ngerti menawa nini Sal kue nyilih gelang karo ali-ali. Ningen kaki Parta ya ngerti, jane isin maring kelakuane bojone, tapi wong wis dadi sigaran uripe ya mung ngelus dada tok.

"Kae apa yoh, kayong ana modor-modor lampu mobil sekang kadoan. Jajal tiliki kae mbok ke pater, dalan ngarepe nini Tas genah maluh urung pada kober kerigan maning." Kaki Parta nudokna dalan ngarep.

Anane wong sing neng kono pada menyat kabeh tilik maring njaba. Lampu mobil tambah perek umah, ora ganti sue mobile mandeg neng latar.

Lawang mobile dibukak, sing numpak mobil pada mudun. Dayoeh kabean wong sanga, banjut dayoeh pada salaman kon pada mlebu ngumah. Risah katon bungah ketemu calon bojone, semono uga nini Rikam karo kaki Tupon katon bungah pisan.

Waris, aran calon bojone Risah, deweke ngenalna kabeh sedulure sing melu. Ana Uwa, Paman, bibi sing pada melu, Rama karo Biyunge Waris ya pada melu, ben ngerti kahanane umah karo tangga teparone Risah.

Waris dadi Tentara neng Bandung, anak mbarep due adi siji esih sekolah. Kaki Tupon mulai bukak omong, nalikane Risah kue anake wong ora due, genah-genahan karo keluargane Waris. Suyud ( ramane Waris ) nrimakna apa anane, merga Waris karo Risah wis pada demene.

Dunya bisa digolet bareng, sing penting pada tresnane, ora merga ke paksa. Seuwise masrahna sekabeane, Waris ngetokna ali-ali apik pisan, ana loro. Waris menyat, nganggokna ali-ali sing apik mau.

"Alhamdulillah...moga-moga lancar sekabeane."

"Aamiin..." semaur bareng-bareng.

"Kie etungane langsung minggu ngarep bae berati, Kang...dinane digenahna sisan gawe." kaki Parta lanjut buka omong maning.

"Iya, sisan gawe bae gari dietung kue." Pating grendeng pada etung-etungan golet dina. 

Sing pada rewang nglebokna gawane binah bojone Risah, banjut age-age ngracik sroto karo gule. Sauwise getok dina, wis pada setuju kabeh gari acara medang pacitan, ya sroto, karo gule. Meja loro kebek ganing panganan werna-werna sing mandan sejen ora kaya biasane

Nini Sal ngintip sekang lawang tengah karo nini Dar.

"Temenan Tentara deneng kue mbekayu..." nini Dar krisik-krisik.

"Iya, rungonku winginane ana sing ngomong anu tentara lomboan."

"Angger anu ora genah aja dikandah-kandahna maring wong akeh Yu...untung langka sing krungu."

"Iya, kae deleng...ali-aline gede yoh, nembe gotek be gawane werna-werna." nini Sal mentheleng ora kedep.

Binah besan ya katon bungah, ora ndeleng mburine Risah sing uripe pas-pasan. Ningen bibine Waris katon ora bombong, wonge ora sumeh kaya ibune Waris. Mripate muter-muter ndelengi umah.

"Olih bojo koh wong udik, umah ya urung gedongan, Waris...Waris..." Minong ( bibine Waris ) karo delalapan ndelengi apa bae.

Wayah jam sanga lewih, acarane bubar, wis langsung getok dina minggu ngarep ngijab. Mbarnggawe gedean wong ganh Joko anak lanang ora mbaranggawe. Dayoeh pada salaman pamit bali, kabeh dayoeh di olih-olih berkat.

Sedulur, tangga teparo, uga nini Sal karo kaki Parta melu pada pamitan bali kabeh. Butule ngumah nini Sal ijig-ijig jengkel ora genah. Mlebu ngumah weruh Yatni lagi ngemban anake, nini Sal tambah ndadi.

"Kae, Risah tah olih bojo Tentara, preyayi...ora kaya ko, olih bojo pengangguran ora teyeng pahal, mangan be jaluk wong tua!" nini Sal ceplas-ceplos kaya ora ngomong karo anake.

Yatni mung meneng ngrungokna biyunge sing lagi kemrewek. Lueh ndlewer ora krasa, urip karo bojo wis gawe ati lara, ngembul biyung saben dina dudon. Yatni nlangsa mlayu maring senthong ngekep anake sing esih cilik

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

 

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut