get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 32: Ngimpi Numpak Montor Mabur

Kamis, 01 September 2022 | 21:01 WIB
header img
Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Ngimpi Numpak Montor Mabur'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya.

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini mengkisahkan ketika nini Rikem tiba-tiba meraih tangannya kaki Tupon, supaya cepat masuk pesawat. Setelah itu, pesawat mempercepat laju terbangnya, sehingga nini Rikem memegang erat tangannya kaki Tupon. 

Tapi tiba-tiba nini Rikem jatuh dari tempat tidur. Sebab, ternyata itu hanya mimpi. Namun, atas peristiwa itu, antara kaki Tupon dan nini Rikem menjadi tambah mesra.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Ngimpi Numpak Montor Mabur'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Kamis (1/9/2022):

Wengi wis arep ganti esuk, nini Rikem karo kaki Tupon esih pada turu ngleder.

"Ayuh Ma mbok keri gagian..." nini Rikem nggered tangane kaki Tupon nggon mandegan montor mabure.

"Iya ayuh rika disit Yung...inyong nggawa tas angel kie."

Nini Rikem mlaku ndisiti, mlebu maring lawang anjog montor mabur, kaki Tupon nututi sekang mburi mbari nggendong tas karo nyangking tas cilik isi jajanan.

Kaki Tupon karo nini Rikem pada mlebu maring njero montor mabur terus njagong. Ora kelalen prentaeh petugas dikon nganggo sabuk pengaman.

"PPO ne didelah ngendi Ma...ngeneh, nggo wedakan wetenge inyong, kayong gulu wis mblegidig mrinding kie deneng."

Kaki Tupon ngulungna tas cilik sing isi minuman karo obat-obatan.

"Wis aja ribut bae Yung, dela maning montor mabure arep mabur kie."

"Iya Ma...untung dewek ora kebagian jagong neng kiplike montor mabur yoh Ma..."

"Kiplike ya ora kena ditumpaki, mbok anu mesin...jagongane ya mung neng awake montor mabur. Mengko ager arep mabur aja kaget Yung."

"Deneng rika pengalaman temen Ma, kayong ora tau lungan adoh malah jebule pengalaman."

"Inyong ya anu jere...wis aja brisik, kue tas cilike dipangku bae, kie wis arep mlaku...rika krasa obah mbok Yung..."

Montor mabure ijig-ijig temlarap banter terus ngejat maring nduwur. Nini Rikem cekelan kenceng tangane kaki Tupon wedi mbok ucul. Montor mabur tambah duwur, sue-sue mabure meneng, nini Rikem ngintipi jendela bae pengin weruh njabane montor mabur.

"Maa...kie dewek neng nduwur lamuk, deleng kie Maa...miki montor mabur nabraki apa yoh deneng pating gradel, kayong mbok grethel miki."

"Sing ditabrak grethel ya mung dueke rika Yung..." kaki Tupon mesem. Nini Rikem mlirik semu isin.

"Rika tah neng montor mabur koh kandah kaya kue, mbok isin karo jejere rika. Aja kandah babagan kasur neng kene, mangsude miki gradal-gradel nabraki lamuk ndean, udu rika angger nabraki inyong grethel." nini Rikem ngomong lirian, isin mbok jejere krungu.

"Akeh lamuk neng nduwur dadi krasane kaya nabrak watu kayong miring arep nggesit apa Maa...cekelan sing kenceng Ma..." nini Rikem kemrewek katon keweden.

"Gedubrakk!!" nini Rikem tiba sekang amben, kaki Tupon kaget seporete.

"Aduhh Maa!!" 

"Nini-nini turu koh tiba, lara apa ora?" kaki Tupon menyat nulungi bojone sing esih mbengkuk neng lemah. Nini Rikem njagong neng lemah banjut dipancing kon jagong neng amben.

"Inyong ngimpi numpak montor mabur Ma..." nini Rikem crita ngimpine miki maring kaki Tupon.

Kaki Tupon ngrangkul bojone sing banget ditresnani. Nganti seprene suene umah-umah urung tau mlesirna bojone sing wis nglairna anak papat. Kaki Tupon janji arep ngejak plesir numpak montor mabur karo duite dewek ora jaluk maring Joko.

"Esih wengi turu maning bae mayuh, mulai ngesuk dewek wis mulai akeh sing dipikir, seminggu maning Risah ngijab Yung..."

"Iya Ma...inyong ya kemutan mau bengi bar gotekan si Risah mbok Maa..."

Nini Rikem mapan turu maning jaluk dikepi kaki Tupon. Nini Rikem senenge ngelek, marakna kaki Tupon dadi ora kuat turu dewekan."

Akhire nini Rikem pasrah, sing penting bojo seneng deweke ya melu seneng. Salah sijine ibadaeh wong wadon ya kaya kie, aja nolak nek bojo jaluk, kie wis dadi kewajiban sing arane wong jejodoan.

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut