get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 35: Malem Mbaranggawe

Senin, 19 September 2022 | 22:17 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 35: Malem Mbaranggawe. Foto: Ilustrasi Freepik

PURWOKERTO, iNewsPurwokerto.id - Cerita banyumasan kali ini masih menjadi lanjutan dari episode sebelumnya. Berkisah mengenai ibu-ibu yang membantu 'rewang' di rumah nini Rikem untuk pernikahan anaknya Risah. Mereka sedang memasak daging sapi.

Namun, salah satunya menyadari bahwa nini Sal tidak ikut datang membantu dengan alasan rumahnya yang jauh. Kenyataannya, nini Sal tidak ingin menanggung malu karena menurutnya Yanti akan dibandingkan dengan Risah.

Pada episode 35 kali ini berjudul 'Malem Mbaranggawe'. Berikut jalan cerita selengkapnya seperti yang dirangkum iNewsPurwokerto.id pada Senin (19/9/2022):

Lampu petromak gemebyar, umaeh nini Rikem padang gembrang. Awane bar rampungan jenang sorene mbeleh pedhet, wong wadon bagian marud klapa nggo jangan basah (sayur kare) karo nggo masak daging sapi.

Bocah-bocah pada rame jonjang nang latar umah, ana sing nangis, ana sing bungah pada gurisan. 

Nini Dar, nini Tas, karo nini Dinah esih pada neng pedangan. Daging sapi sing wis dibersihi dilimbang terus digodog ben olieh ngrajang kepenak. Nini Sal ora balik maning, merga umaeh adoh pinggir alas, miki sore deweke bali mandan wengi.

"Mbekayu Sal ora mangkat maning apa kie..." nini Dar takon maring nini Dinah.

"Kayane ora, mau dewek-dewek dundum jenang baline kewengen ndean." semaure nini Dinah.

"Nini RT...apa wajik karo ketane wis pada dirajangi mau?" nini Rikem takon sekang pedangan njero.

"Urung Yu, mau esih panas...nunggu kon adem dadi wis kakal ngrajange kepenak."

Ijig-ijig kaki Trisno mlebu pedangan gendong Darwan sing lagi nangis." Mboke...kie bocah disusoni disit miki pada uber-uberan karo batire, mbatan kongseb ngacar watu kie metu getieh."

"Tinggal disit pegaweane Tas, penting bocah meneng...mbok bapane Darwan urung madang ya kon madang kue, ana jangan gandul, jangan nangka ya ana...gorengane nang gejobong padon amben pedangan kae." nini Rikem tawa madang maring kaki Trisno.

"Iya Yu...jan inyong tah mung rewang mangan balane ta akeh Yu..." nini Tas semaur rasane ora kepenak.

"Halahhh...ora usah mikir kaya kue, anane apa gari dipangan ngonoh."

Nini Rikem kue wong bangeting apik karo tangga karo sedulur. Tapi ya gumun bae, esih ana sing ora seneng lan gawe fitnah bae.

Kaki Parta, kaki Tupon, karo kaki Sapon lagi pada jagongan neng emper, olieh berek sapi uwis rampungan, wis lagi diolah neng mburi.

"Ngesuk ngeneh gasik, gari gawe lincak go wadah rinjing sumbangan urung rampung kae." kaki Tupon jaluk tulung maring kaki Parta.

"Iya, ngesuk gasik karo nggawa tali sisan, ya uwis inyong arep bali disit wis wengi kie..." kaki Parta menyat mlaku maring ngarep.

"Iya, ngati-ati neng dalan, obore di suled disit."

Kaki Parta bali dewekan trut sawah, umaeh katon lip-lip sekang kadoan.

"Berati urung pada turu kayane, teploke esih murub deneng kae." kaki Parta gipyak olieh mlaku.

Kaki Parta kaget krungu nini Sal lagi ngomeih anak wadone. Kaki Parta api-api ora krungu, mung nginggeng tok sekang emper.

"Pokoke ngesuk ko ora usah ngendong maring umaeh Uwa Rikem, mung dadi omongan tok. Panganan bera ikih neng ngumah, mbok gawe wirang tok karo inyong."

"Ujarku, Uwa Rikem tah wonge apikan...ora tau ngandakna wong, wonge ya awean karo tangga tur sedulur." Yatni semaur mandan wedi.

"Pinter jawal angger diomongi wong tua ya...mulane sih olih bojo penganguran, ngonoh karepmu." 

"Jebred!!" nini Sal negi lawang rosa banget. Yatni jimprak karo ngepi anake.

"Krreeiittt..." swara lawang dibukak sekang njaba.

Kaki Parta mlebu ngumah banjur ngrangkul anak karo putune. Yatni nggembor neng pundake ramane. 

"Ujarku gemien biyunge eman maring ko, deneng siki saben dina ko di mungsuih terus Yat...inyong melas ko, bodoa ko arep melu sapa inyong ora maksa," kaki Parta pasrah.

"Angger bojone inyong kaya bojone Risah tah ndean biyunge ora ngomeih bae..."

Yatni nlangsa, wis ora due biyung kawit bayi...anane mung biyung sambung siki ora eman merga kurangan duit.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut