get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 42: Pethukan

Kamis, 27 Oktober 2022 | 20:48 WIB
header img
Cerita Banyumas, Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 42: Pethukan. Foto: Freepik

BANYUMAS, iNews Purwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai Risah sebagai pengantin baru yang tidak bisa tidur karena badannya kesakitan dan tidur menggelarkan tikar di lantai. Risah meminta untuk tidur di rumahnya Joko agar sorenya dapat bersiap-siap berangkat ke Bandung. 

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 42 kali ini berjudul, 'Pethukan'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada, Kamis (27/10/2022), selamat membaca:

Joko langsung mangkat dines merga preine mung rong dina tok. Mbari nggolet pegawean kanggo si Yatni, dela-dela Joko telpon takon batir-batire.

Krungu-krungu batire buka toko kue gedean ningen lagi butuh wong, Joko langsung tilik tokone, ndeleng kahanane. Joko katon cocok nemu pegawean neng kono sing bisa nyambi nggawa anak maring nggon pegaweane.

"Man...pokoke inyong jaluk tulung, pegawean kie nggo tanggaku bae, aja ngasih diweken wong lia." Joko nepuk pundake Lukman kanca kuliah biyen.

"Siap...malah bisa langsung nginep neng kono, daripada suwung langka sing nggenoih." Semaure Lukman melu seneng Toko Kue ne ana sing njaga.

Sejak bojone Lukman ninggal karena mriang, Lukman milih urip dewekan. Usaha toko kue sing dilakoni esih mlaku seprene, wis buka pirang-pirang cabang bae, neng Bandung, Jakarta, uga ana sing neng Kebumen panggonane wong tuane Lukman.

Seuwise cocok, Joko pamit bali maring Lukman.

"Ngesuk Yatni langsung tek jak ngeneh Man."

"Inyong jane arep ngliwati komplek umahmu, inyong ana perlu karo kancane sing umaeh neng komplek perumahan kono."

"Oh, ya ayuh mangkat bareng bae sisan."

"Nganah disitan, inyong kerian mengko, arep nutup toko disit." Lukman mlebu maring toko banjut nutup tokone. Joko lunga disitan.

Neng umaeh Joko Wati karo Yatni lagi pada neng pedangan, lagi olah-olah.

"Minyak gorengnya habis, aku ke toko sembako depan dulu ya...kamu di sini aja, jagain anak-anak." Wati berpesan sama Yatni.

"Udah aku aja yang beli, itung-itung ngapalin komplek."

"Oh, ya udah...ini uangnya, di ujung jalan ini kan apa perempatan, nanti kamu ambil kiri ya...yang menuju pintu keluar komplek." Wati aweh petunjuk maring Yatni.

Yatni langsung mangkat tuku lenga temen, mbari nuntun Murni sing jaluk melu. Butule prapatan ijig-ijig ana mobil ngidek jlubangan banyu nyepreti Yatni karo anake. Yatni minggir meneng bae ke weden maring wong sing mudun sekang mobil.

"Maaf Mba...saya kurang hati-hati, saya ngga sengaja nginjak genangan air." 

Wong lanang bagus tur gagah salaman jaluk ngampura maring Yatni.

"I-iya Pak, ngga papa...saya juga minta maaf, tadi jalannya ngga liat kanan kiri. Karena di sini saya baru, jadi belum paham jalan..." 

"Oh, Mba baru merantau, atau ikut suamimu di sini ya..." 

"Iya, saya dari Banyumas, mau cari kerjaan di sini...sekali lagi saya minta maaf, Pak." Yatni mlaku ninggalna wong sing mobile nyipreti deweke karo Murni.

Ora ganti sue, mobile uga lunga mlebu dalan komplek sebelah. Bareng wis olih lenga Yatni bali maning maring umaeh Joko. Mobile Joko wis mlebh neng garasi, berati Joko wis bali.

"Kayong sue Yat, apa kesasar? Lah deneng awakmu teles, padahal ora nana udan." Joko sing lagi jagongan neng sofa banjut menyat.

"Iya, miki inyong mlakune karo ndlenger, banjut ana mobil ngidek jlubangan ana banyune nyipreti inyong."

"Oh, ya wis ganti klambi disit nganah, inyong arep kandah." 

"Oh ya, mengko disit, inyong ganti klambi."

Yatni mlebu maring senthong sing ana tas isi gantine deweke, seuwise ganti klambi Yatni metu maring njaba. Joko wis lagi ngenteni, njagong neng sofa.

"Yat, inyong nemu pegawean kanggo ko, malah neng kana ora kudu ngontrak, kon nggenoih karo ngrawat toko kue uga umaeh sisan. Siki wonge lagi maring umaeh batire, jere mengko arep mampir maring ngeneh."

"Oh ya syukur Alhamdulillah, Joko...inyong kesuwun banget wis ditulung kanti nemu kodean." Yatni bungah pisan, bola-bali jaluk ngomong kesuwun karo jaluk ngampura.

"Kayane kae apa ya, kayong ana swara mobil, jajal bukakna gerbange Yat." Joko ngimpleng sekang jendela, prentah Yatni kon mbukakna gerbang ngarep.

Yatni mbukak gerbang wuruh wong bagus, gagah gede duwur sing ketemu mau. Yatni bingung meneng bae, Joko celuk-celuk sekang teras umah.

"Kenang apa Yat...ngeneh tamune dijak mlebu."

"I-iya..." Yatni semaur karo gugup.

Lukman ndelengna Yatni, semeno uga Yatni, anane wong sakeloron pada pandeng-pandengan. Joko dadi bingung ndelengna wong sakeloron sing katon wis pada kenale.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut