get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 44: Sregep Nyambut Gawe

Kamis, 10 November 2022 | 21:11 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 44: Sregep Nyambut Gawe. Foto: Pinterest

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai anak-anak nini Rikem yang rajin bekerja dan memiliki empati terhadap orang tuanya. Hal tersebut menjadi perbandingan dengan anak nini Sal oleh kaki Parta. Karena mereka sangat berbeda. 

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 44 kali ini berjudul, 'Sregep Nyambut Gawe'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada, Kamis (10/11/2022), selamat membaca:

Kaki Parta muter maring mburitan, tilik swara blethok mau. 

"Gagian Maa, tangane inyong wis geplek banget, ora kuat Maa..." swarane nini Rikem krungu butul ngarep.

Kaki Parta tambah penasaran, mlaku kedimik-dimik, mbokan konangan Nini Rikem karo Kaki Tupon.

"Kreat-kreot." swara wit pring sing ngrubuih pedangane nini Rikem.

"Lagi pada ngapa sih kae wong, awan-awan mol lagi pada gubes neng senthong sih, eraamm..." kaki Parta gemrendheng dewekan.

"Wis Yunggg, awaasss!!" 

"Braaakkk!!"

Wit pring sing dicagak nini Rikem akhire bisa rubuh ora maring gendeng pedangan. Kaki Parta sing nembe thengul teka langsung ngrewangi nyekel cagake.

"Ujarku gubes lagi pada ngapa, inyong ya mlaku kedimik-kedimik mbok konangan."

"Halahh rika mesti mikire wis werna-werna arep ngintip maring senthonge inyong ya..." nini Rikem langsung nuduh.

"Lah sapa wonge sing ora werna-werna olieh mikir, wong golih ngomong, kesel...gagian, wis ora kuat...jarku ya...lagi pada neng amben, wong swara blethoke rosa banget, jarku ambene mledos saking kuate rika." kaki Parta waleh apa anane.

"Oalaah...tangan ora kuat merga kesel nyekeli cagak mbokan wit pringe rubuh maring gendeng pedangan." 

"Ya inyong ngampura Yu..."

Kaki Parta njagong neng risban ngisor wit jambu mburitan umah. Bingung olieh ngomong maring nini Rikem.

"Yu...ngampura, inyong maring ngeneh soten ana perlune, Diwan montore bodol lagi jaluk duit, agan bayaran kost ya urung ana. Inyong jaluk tulung Yu, nyilih duite nggo dandan montor karo bayar kost."

"Oh, lagi bali sih bocaeh... ya kae ana tapi ngemben setengah wulan maning duit arep kanggo, arep nggo dandan gubug."

Akhire kaki Parta setuju, kaki Tupon tah dadi wong lanang ora tau urusan karo duit, butueh sing penting esuk ana sarapan, bengi ya kesanding bojo. 

Nini Rikem mlebu maring njero umah jikot duit, kaki Parta ngenteni neng mburitan karo dopokan.

"Gedubrak...Yung...kie sukete tek tambaih se karung maning." Paijo bali ngarit balangna suket maring pinggir kandang wedus.

Senajan bocah katone nakal, ningen Paijo bocah sregep. Bali sekolah mesti rewang ngarit kanggo ngempani wedhus. Kaki Parta mung ndelengna tok, sejen banget karo Diwan sing mung bisane gur jaluk duit.

"Bujange rika tah pada sregep-sregep yoh Kang...ora Joko ora Paijo..."

"Iya Kang Alhamdulillah..."

Paijo langsung ngempani wedhus, terus nginumi karo banyu leri bekas mesusi beras nini Rikem.

"Biyuungee...biyungeee..." swarane Denok bali dolan karo nangis.

"Ganing apa...bali-bali andon nangis, kawit mau diceluki kon madang ora ngangkani bali, angger wis tiba nembe kemutan bali." swarane nini Rikem kemrewek sekang njero.

"Dengkule laraa...aaa...metu getieehhh.." Denok esih bae nangis karo nglekor.

"Diobati karo jatah gedebogan kae, perih tapi ngesuk mari, magreh..."

Nini Rikem nuntun Denok maring risban jejeri kaki Parta. Ora ganti sue kaki Tupon ngulungna bung gedang sing di penclas metu banyune. Denok tambah geger merga perih bekas sing tiba mau.

"Ya uwis Kang, Yu...inyong bali disit, kesuwun kie..." kaki Parta pamit bali.

Paijo mereki Denok sing lagi dipangku neng nini Rikem mbari njiwel pipine." Mau dikon rewang ngarit ora gelem, jonjang karo batire playon bae, siki wis tiba gari geger." 

"Halah brisik nganah adus wis sore." 

Anake nini Rikem angel ning lumrah, pada ngerteni wong tua ora due, ora nana ya pada priatin, ora kaken polah. Bocaeh pada sregep kabeh, ora lanang ora wadon. Risah ya gemien gunane repek maring gunung, Joko ya melu nyonggah wis biasa.

Sejen karo anake nini Sal sing kawit cilik jaluk apa bae ditukokna, siki gedene mung pinter nglomboni maring biyunge. Bayaran buku, bayaran SPP ora tau butul sekolahan. Sekolah ya seringe minggat, kadang malah ora butul acan maring sekolahan.

"Ayuh pada papung wis sore, ngesuk aja dolan disit, jajal ngaso aja playon bae, enggane saben bali sekolah playon tok pegaweane. Mau rewang Kang Paijo sih dadi ora tiba."

"Mau inyong bali goleti arit, ramane karo biyunge diceluki ora semaur, ya inyong lunga maning karo batire."

"Apa iya, wayah apa deneng ora krungu..." 

"Ya mbuh umaeh amleng..."

"Apa mau pas ramane lagi jaluk ya, deneng inyong ora krungu." mbatine nini Rikem.

"Ya wis ngesuk sing manut." Nini Rikem nggendong Denok maring pedangan. 

Didikane nini Rikem pancen maen, sejen karo didikane nini Sal. Nini Rikem tegas maring anak ning ora galak. Kabeh anake dadi manut ya pengertian.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut