get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit

Senin, 21 November 2022 | 22:12 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit. Foto: Freepik

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas kehidupan Yatni. Murni, anaknya Yatni tiba-tiba menangis karena terjepit pintu. Di tengah tangisnya, Murni berkata bahwa Lukman sangat baik andaikan dia menjadi ayahnya.

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 46 kali ini berjudul, 'Kiriman Duit'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dikutip oleh iNewsPurwokerto.id dari Novel karya Umi Asmarani dengan judul "Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon" pada, Kamis (21/11/2022), selamat membaca:

Yatni karo Lukman mlayu maring senthong, neng senthong Murni lagi nglekor neng mlester nyekeli jempol sikil.

"Kenang apa Mur?!" wong loro takon bareng-bareng.

Yatni langsung nubruk awake Murni, semeno uga Lukman, anane wong loro rebutan nyekeli jempol sikile Murni kabeh.

"Kejempit sikil meja Mak...huuu huuu huuu..." Murni semaur karo nangis.

"Ya wis cep-cep...pada plesir bae yuhh, tokone prei sedina disit." Lukman ngejak plesir bareng.

"Horee...asyiik...inyong arep plesirr..." Murni sing maune nangis langsung bungah injlog-injlog kelalen jempol sing kejempit mau.

Yatni mung manthuk tanda setuju, Lukman metu sekang senthong ninggalna wong loro sing arep pada ganti klambi.

"Mak, Om Lukman eman maring Murni, enggane dadi Bapake inyong tah seneng banget, Mak..."

Yatni langsung ngendegna omongane Murni karo nutupi tutuke Murni. 

"Huussttt, aja ngomomg kaya kue mbok Om Lukman krungu." 

Murni langsung meneng kaya bancet kepidek. Ningen Lukman mandan krungu swarane Murni, dadi api-api dehem sekang njaba. 

Ora ganti suwe Yatni karo Murni pada metu wis nganggo klambi apik. Sing biasane ora dandan apa anane, siki Yatni katon dandan, Lukman sing maune weruh biasa bae wis demen apa maning siki dandan katon ayu lan kewes.

Rasane ati wis tambah ora nggenah, pengin gagian ndueni ben cepet halal dadi bojone Yatni karo dadi bapane Murni. Angen-angene ndue bojo Yatni saben ndina ngganggu pikirane Lukman. Sedawane urip nduda, Lukman urung tau demen maring wong wadon lia, nembe ngalami jantung kemreteg pating gleser ya karo Yatni. 

"Wis siapp?!"

"Uwis Om..." swarane rosa semangat pisan.

Mobil wis siap neng ngarepan toko, Yatni munggah maring njero mobil karo mangku Murni. Mobil mlaku londogan lunga sekang toko. Lukman pengin nyenengna Yatni karo Murni.

****

Neng sejen panggonan nini Sal lagi kedengan jarit rapet karo ngruntuh. Kaki Parta lagi ngorogi pongkor karo genenu badeg neng pedangan.

"Tok...tok...tok..." swara lawang di dodog sekang njaba.

"Bapane...kae sapa sing dodog-dodog jan brisiki temen, bukakna kae Pa..."

Kaki Parta sing krungu nini Sal jaluk tulung kon bukakna lawang banjut metu bukakna lawang.

"Eh, pak RT... kadingaren temen ana apa kie? Mayuh mlebu njero disit.

Kaki Sapon banjut mlebu maring bale tengah.

"Mboke lagi ngendi kie kayong amleng."

"Lagi mriang kawit winginane, lagi mujung kae neng senthong."

"Wis suntik apa urung?"

"Ya urung, ngentenu adol gula disit mengke sore, wingi ya wis tek wejekna godong dadap asrep, kae siki ya wis tek jiret karo luwingan kon mandan entheng siraeh."

"Ya wis kie duit kirimane Yatni dijikot nganah maring kantor pos, mengko kena nggo suntik mboke maring umaeh pak mantri Yono."

Rasa bungah ora percaya, Yatni ngirimi duit. Kaki Parta meneng nlangsa, kemutan nalika neng ngumah gunane diomeih nini Sal bae.

"Anu apa Kang..." nini Sal sing esih kridongan jarit, siraeh jiretan luwingan ijig-ijig metu sekang senthong.

"Si Yatni kirim duit kie...ya ndean kon nggo pranti becer rika." kaki Sapon ngulungna kertas pesagi sekang kantor post.

"Angger duit tah lagi mriang nana langsung nggrenjal mari, padahal wis rong dina kedengan bae neng senthong."

"Yatni kirim duit Kang...ya kesuwun pisan Kang, mengko Bapane sing kon jiot maring kantor pos." nini Sal nampani kertas sing di ulungna. Kaki Sapon pamit bali, Nini Sal katon sehat mbedigas. 

"Duite nggo nyaur Mbekayu Rikem disit dipentingna kue..." 

Kaki Parta karo nutur tegesan nggo nyampuri linthingan, kawit wingi urung kober adol gula, slepane ya ngledig.

"Inyong pengin maring Bandung tilik panggonane Yatni, kie duite arep nggo tuku prelikan disit ngesuk. Wis kinganah duite dijikot, selek sore, salatane ya udan bae angger sore."

"Ya mengko, tes nderes, ngorogi pongkor, ngonclang mbarang, urung sarap acan wong kusane dibukak suwung. Rika tah mikire pamer tokek, apa ora isin maring tangga."

"Halaah...kadaran sing tukang pamer ya ora mung inyong tok ikih, mengko tek gorengna oyek disit sedela." Nini Sal banjut mlebu maring pedangan nggoreng oyek.

Nampa kiriman duit, sing mikine kedengan banjut sehat mbedigas. Duit pancen ora kena digawa mati, ningen urip ora nana duit ya rasane kaya mati. Amben saben wengi amleng merga duite garing, ningen angger Kaki Parta duite kandel ya dela-dela ambene moni.

Sejen karo Nini Rikem, ana ora nana duit ya pada bae tetep guyub, senthonge ya rame terus merga udu duit sing nggo pokok ningen tresna lair batin, mengerteni panggonan sing becik karo sing ala.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut