BANYUMAS, iNews.id - Masih melanjutkan cerita Kaki Tupon dan Nini Rikem serta keluarganya. Saat berada di hotel, nini Rikem dan kaki Tupon terlihat menikmati suasana kamar yang sebelumnya belum pernah mereka rasakan. Tampak juga nini Rikem yang berkali-kali memanjakan diri dengan mandi air hangat.
Di sisi lain, kaki Tupon membuat minuman hangat dengan heater yang ada di kamar itu. Usai memanjakan diri, nini Rikem mengenakan daster pemberian kaki Tupon. Mereka berdua kemudian pun saling beradu rayu, terutama nini Rikem yang merasa tersanjung oleh kata-kata kaki Tupon.
Suasana dingin dari AC yang terus menyala turut memperuncing pembicaraan mereka. Ditambah lagi, kasur di kamar tersebut tidak reot seperti kasur mereka di rumah, sehingga tak berbunyi. Saat hendak memulai, tiba-tiba kaki Tupon meminta nini Rikem menggaruk punggungnya yang gatal.
Akibat permintaannya itu, pupus sudah angan-angan nini Rikem akan semua yang ia harapkan. Seketika itu, nini Rikem berubah dari yang sebelumnya berbunga-bunga, kini justru tidur dengan posisi membelakangi kaki Tupon.
Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Daster Anyar'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.
Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Kamis (16/6/2022):
Nini Rikem katon bola-bali adus neng kamar mandi hotel, merga banyune ana sing anget, ora ndadak nimba kaya neng umaeh dewek. Kaki Tupon lagi gawe wedang teh karo teko sing bisa godog dewek, mung dicolokna listrik tok.
"Uwis enggane bola-bali maring kamar mandi bae."
"Iya kie uwis, arep klamben...kesel arep turon, kawit mau urung ngaso." nini Rikem semaur mbari jikot klambi neng lemari.
Nini Rikem dikut nganggo klambi daster anyar sing ditukokna kaki Tupon. Senajan ora larang, tapi nini Rikem bungah ditukokna daster, ora ketang anu golih nglombo.
Seuwise nganggo daster anyar, nini Rikem ngaca karo garon neng sandinge kaki Tupon.
"Apik apa ora Maa...pas yoh, sedengan ora ke dawan, dadi gampang yoh Maa..." nini Rikem takon kaki Tupon karo semu kemayu.
"Iya iyaa...apik pisan dadi katon enom, biasane tapian katon nini-nini." semaure kaki Tupon.
"Oalah...berati inyong ditukokna daster, anu kawit wingi katon tua Maa..." Nini Rikem katon mulai ngegas, ning kaki Tupon katon sante bae.
"Ora usah ngegas Yung, wong nyata dewek kie mbok wis tua...wis due putu."
"Iya, ning aja kaya kue, jajal gawe atine inyong bungah Maa..."
"Iya, inyong genah bungah olih bojo rika...olih bojo ayu, ning mandan rewel." semaure kaki Tupon maju lirih. Ning nini Rikem krungu, mripate banene mlerok.
"Ramane...kie dewek turu neng kasur empuk ora moni kreat-kreot yoh...kemule kandel banget, atis...AC ne diurubna bae apa dipateni bae ya..." nini Rikem mereki kaki Tupon.
"Ya belih kon rika katisen, kie udu amben anu kasur tok emperen."
"Angger inyong katisen, rika gelem tanggung jawab sih...urung apa-apa mengko rasan beyekane nyangkreng." nini Rikem semaur karo cathus-cathus.
"Lha inyong tanggung jawab terus angger rika katisen ya tek kemuli mbok." kaki Tupon semaur karo nyruput teh.
"Udu kue Maa...ramane tah ora pahaman." nini Rikem mandan mutung munggah maring kasur, ning dastere mandan nyincing maring nduwur.
Mbuh anu sengaja mbuh ora, ningen gawe kaki Tupon mlirik maring nini Rikem. Kaki Tupon menyat mereki nini Rikem sing lagi kemureb neng kasur, karo mbenerna dastere. Nini Rikem sing krasa dastere dibenerna api-api meneng bae.
"Apik temenan dastere yoh Yung...cocok pisan karo kulite rika sing putih." kaki Tupon ngalem ben nini Rikem bombong. Kaki Tupon munggah kasur, nini Rikem esih api-api jane bungah banget kaki Tupon munggah kasur.
"Yuung...ngeneh madep ngeneh mbok." kaki Tupon jejeri nini Rikem.
Atine nini Rikem kayong kemrutug ora kaya biasane, kaya nembe turu karo kaki Tupon. Apa enggane merga turu neng hotel sing panggonane maen tur adem ora bringsang.
"Iya, Maa..." nini Rikem semaur karo mesem. Rika arep tanggung jawab kon inyong ora katisen ganing AC mbok." nini Rikem esih semaur karo mungkur.
"Iya..."
Nini Rikem mbalik madep kaki Tupon, ning kaki Tupon esih jagong sendean.
"Jere arep tanggung jawab, deneng urung siap-siap..."
"Gigire inyong gatel kie, ngeneh dikukuri disit karo garu ne rika."
"Jann, ramane tah ana-ana, jarku arep dilabuih malah kon nggaru gigir disit. Mengko gari kon ngapa maning, Maa." nini Rikem menyat jikot garu ( sisir )
"Mengko ya langsung bae, ora mawi nunggu kesuen mbok rika tambah katisen, mumpung rika lagi bombong, mumpung rika ya katon moblong." kaki Tupon karo ngalem.
Nini Rikem mandan kesuh ning mandan bungah, angger di alem neng bojo. Wong sakeloron esih pada gubes, ning mbari jegigisan.
"Nah kue pas banget, sing mandan rosa, aja lirian ora krasa kaya kue tah. Nah iya kue...terus-terus...enak banget kue, kaya kue bae...aja pindah disit." kaki Tupon banene aweh aba-aba.
"Miring ya dadi inyong ora angel kie...wis krasa apa urung...apa kurang rosa Maa..." nini Rikem nggenahna maring bojone.
"Iya kue wis pas banget."
"Inyong kesel ngukuri bae, jere miki arep tanggung jawab." nini Rikem mbalik kesuh mungkuri kaki Tupon.
Kaki Tupon wedi mbok bojone kesuh dadi gagian di kepi, nini Rikem meneng bae wis mulai kesuh.
"Yung...rambute wangi banget, sampoan apa miki..." kaki Tupon ngambung rambute nini Rikem sekang mburi karo ngusap-ngusap.
Nini Rikem mung ngas-ngos tok ora semaur.
"Rika mutung sih Yung...inyong atis kie." kaki Tupon ngrayu.
"Inyong wis gerah...ngalih aja perek-perek." nini Rikem mutung, mungkuri kaki Tupon bae.
"Duh, inyong salah kie...ndadakan kon ngukuri gigir kesuwen." kaki Tupon mbatin.
Wengi siki nini Rikem ora butuh pertanggung jawaban babagan katisen. Merga atine wis dongkol, nini Rikem mapan turu ungkur-ungkuran.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait