get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 28: Nyilih Emas

Kamis, 18 Agustus 2022 | 21:10 WIB
header img
Ilustrasi perhiasan emas

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini menceritakan ketika nini Sal tengah berbicara empat mata dengan nini Rikem. Pembicaraanya ternyata ingin pinjam perhiasan. 

Nini Sal meminjam perhiasan karena kalung dan gelang sudah dijual untuk anaknya. Sebetulnya, Nini Sal juga agak malu saat meminjam. Tapi apa boleh buat.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Nyilih Emas'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Kamis (18/8/2022):

Risah butul ngumah gasik sekang Bandung, nini Rikem keduprukan olah-olah gasik neng pedangan. Kaki Tupon neng bale tengah karo mbatiri Risah sing lagi ngaso.

"Joko baline angger ngijabane bae Sah, siki tah anu lamaran ikih, ora kudu wong akeh. Sedulur karo tangga teparo wis cukup." kaki Tupon bukak swara.

"Iya Ramane...ujare Kang Joko tah acara lamarane kon neng umaeh Kang Joko bae. Angger karepe rika kepriwe Ma..."

"Jajal takon biyunge kinganah...wingi tah karepe kon neng ngumah kie bae."

"Iya, mengko inyong rasan biyunge, inyong arep adus disit Ma...Paijo karo Denok deneng urung pada tangi kie." Risah menyat tilik senthonge adi-adine banjut mlebu pedangan.

"Ko arep adus Sah...mbok atis kae panci mburi uwis umob." nini Rikem tawa banyu panas.

"Banyu adem bae men seger, mengko lah dela maning." Risah njagong jengkok karo garang neng ngarep pawon.

Nini Rikem lagi uprek napungna karon maring kusan, Risah mbari garang mbari gatekna biyunge sing nang ngarepane, banjut menyat maring sumur. Sekang mburi umah, nini Sal celuk-celuk." Mbekayu, kie sidane sing arep pasar rika apa inyong bae."

"Rika bae ya kena nganah, inyong lagi ketanggungan, karo celukna Tas kon gagian ngeneh, kie duit karo cangkingane." nini Sal mlebu ngumah jikot duit karo cangkingan banjut mangkat pasar.

Gotekane Risah mengke bengi, calon bojo ya wis bali bareng sekang Bandung maring Banyumas. 

Ora ganti sue nini Tas teka nggendong Darwan karo nuntun Sugeng." Jian, inyong tah ora teyeng rewang Yu...mung andon rewang mangan tok karo nggawa bala bocah.

"Halah ora usah mikir kaya kue, boceh manut ikih di jagongna bale nganah, akeh bocah ikih."

Nini Tas ngedunna Darwan karo Sugeng neng gelaran klasa, nini Rikem wonge cepet, tangan loro nyambi nganah-ngeneh. Nini Tas mlebu maning, terus rewang-rewang neng pedangan. Risah rampungan adus mbanjut klamben maring senthong, seuwise rampungan klamben metu nyalami nini Tas.

"Piwe kabare, Lik?" 

"Alhamdulillah sehat, jan tambah ayu bae yoh, begya ko Sah, olih bojo tentara wong perek bae."

"Iya, Alhamdulillah Lik. Kie si Darwan karo Sugeng tek jak mlaku-mlaku ya Lik."

"Ya nganah, angger nangis ya bali ngeneh maning bae."

Kurang lewih wis ana telung jam nini Sal pasar, banene keweng-keweng suarane sekang emper kidul, langsung mlebu maring pedangan.

"Sing arep melu gotekan wong pira Mbekayu, tepate jam pira mengke bengi" nini Sal nitik-nitik pengin ngerti genaeh.

"Mbuh wong pitu mbuh wong sepuluh, mengke bengi ba'da maghrib, jere dulure pada pengin dolan ngeneh, ujare tah kon neng umaeh Joko, tapi mbesuk bae angger ngijabe. Inyong tah ora isin ora, senajan umaeh esih kaya kie. Angger dasar pancen wong tresna umah ora dadi alangan."

"Iya bener Mbekayu...Yu...inyong arep ngomong penting, maring senthong disit sedela mayuh."

Nini Sal nggered tangane nini Rikem mlebu senthong." Yu...anu...inyong arep anu kie..." nini Sal ngomonge gugup.

"Anu apa Sal, gari ngomong bae aja anu-anu bae."

"Mbekayu...inyong nyilih gelange mengke bengi nggo patut-patut, angger wis rampung gotekan mengko tek balekna maning. Genah kalung gelange inyong brindil didol nggo si Yatni, bojone ora tau pahal ya tek prentah kon bali bae." nini Sal nembung karo mandan isin.

"Ya kae, gelange inyong anu akeh ikih, ditukokna Joko ganu, ningen ora tau tek nggo." nini Rikem mbukak lemari jikot benahan emas. 

"Arep milih sing endi kie gari milih, mengko inyong nganggone lewiane bae."

"Nini Sal dikut milih gelang karo ali-aline, kalunge tah mung siji dadi ora nyilih. Seuwise rampung milih langsung dinggo karo ngaca." Wis Yu kie bae, gelang karo ali-aline."

Nini Rikem nglebokna emase maning maring lemari, nini Sal metu sekang senthong maring pedangan rewang olah-olah. Nini Rikem mung mesem, merga wis apal wateke nini Sal.

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut