get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 38: Pasang Dekor

Senin, 10 Oktober 2022 | 20:26 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 38: Pasang Dekor. Foto: Freepik

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai Joko yang mempunyai rasa simpati kepada Yatni ingin mencarikan pekerjaan untuknya. Hal tersebut diceritakan kepada nini Rikem dan kaki Tupon.

Nini Rikem dan kaki Tupon menyetujui tanggapan Joko agar Yatni ikut berangkat ke Bandung mencari pekerjaan.

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 38 kali ini berjudul, 'Pasang Dekor'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada Kamis (10/10/2022), selamat membaca:

Nanggap lengger sewengi nutug, nganti esuk sing nonton nembe pada bubar. Sing rewang urung pada teka lagi bali pada adus disit. Kaki Tupon kumpul sakeluwargane dewek neng barisan risban mbale.

"Yung... Mengko seurunge Risah mangkat Bandung maning, kon manggoni umaeh nyong bae disit, dadi hawane anget. Nyong arep aseng Yatni maring Bandung, arep tek goletna pegawean neng kana, mau bengi wis kandahan werna-werna maring nyong, melas Yatni Yung... Mau bengi nangis. Bibi Sal genah rika ngerti dewek wonge kaya kae, angger Yatni sukses kan ora kaya siki, dadi ngemben arep tek sengi maring Bandung." Joko mbari medang karo crita sing mau bengi.

"Ya ko kudu rasan sing genah maring si Wati, mbok mengko nulung tangga malah jejodoane dewek kenang sandungan. Wong jejodoan tah angel, Joko..."

"Iya Yung, inyong ya wis ngomong maring Wati miki esuk, deweke ya setuju."

Nini Rikem karo kaki Tupon setuju, ngesuk sore Yatni melu mangkat Bandung golet kodenan. 

"Tukang dekore arep teka wayah apa mengko Yung, apa janure uwis siap kabeh, woh-woh ane tah kayong wis cemawis kae."

Ngesuk ijabane Risah karo Waris, dina siki tukang dekor teka, masang dekor kembang mayang lan lia-liane.

Joko mlebu maring pedangan nemoni nini Sal. "Bi...Yatni neng ngumah apa ora, inyong karo Wati pengin dolan."

"Siki tah neng ngumah, mau banene arep lunga maring umaeh batire, miki lagi umbah-umbah neng sumur mburi." 

Joko wis ngerti mesti mau Yatni tes diomeih. Nini Sal api-api ora ngerti Joko mau bengi marani Yatni maring umaeh. Joko mbanjutan metu sekang pedangan aseng Wati dolan maring umaeh Yatni.

"Mbekayu Dinah, kie iwak sapine esih gari sewaja sing nggo agan ngijaban ngesuk, sing neng baskom kanggo dina siki. Ndean dayoeh ora akeh kaya wingi, deleng kae...berase wis olih 30 kandi, lawuh medang garing kebek se pedangan. Nembe tumon inyong weruh wong mbaranggawe olieh semene akeeh."

"Iya, rika sih arep ngendi?" nini Dinah takon.

"Ya ora ngendi-ngendi...mung gumun, kayane mbekayu Rikem due anggon-anggon ndean yoh Yu..."

"Aja kaya kue, mbok krungu wong malah rika gawe fitnah. Wis, rika ngemek pegaweane rika bae ora usah ngomong werna-werna." nini Dinah lunga maring njaba. Nini Sal menjep mbari ngruwes godong sing arep nggo buntel.

Tukang dekor wis lagi mulai gawe kembang mayang sing agan arep nggo jejer mengko bengi. Risah karo binah bojo njagong neng dingkling karo ndelengna tukang dekor. Kalung, gelang, karo ali-ali gawan dinggo kabeh, kanggo ngormati kelurgane Waris. 

Semono uga nini Rikem, anggon-anggone mompyor katon tambah moblong, apa maning ngesuk angger penganten jejer melu didandani.

"Biyung karo anak pamer kabeh, ngonoh ditokna kabeh anggon-anggone." nini Sal ngintip sekang jendela plong tengah.

"Gemrendeng ana apa Bi..." Tasiah takon mbari tiru ngintip.

Wong lara pada dumpel-dumpelan ngintip bareng. 

"Ya belih Bi, wong due ya dinggo...ganu lagi rika due deneng ya dinggo kabeh butul sikut. Ora usah goleti alane wong, ndeleng awake dewek bae disit Bi, dadi rika ya pengawak ora panas nyawang wong bungah."

"Hmm...wis pinter maraih wong tua ya...ngeneh utange si Trisno ganu urung nyaur utang maring bapane." nini Sal nagih utange kaki Trisno maring kaki Parta jalaran kesinggung omongane Tasiah.

"Oalah Bi...Bi...rika lah ora kena ke senggol wong tapi cokan nyenggoli wong ora krasa. Ngemben tek sauri, bapane lagi rewang pasang gople ikih Bi." Nini Tas lunga ngurusi pegaweane dewek, nini Sal melu mundur njagong neng panggonan megari.

Dekor penganten uwis lagi dadi, putri domas wis dipilih neng si Risah. 

Trek sing gawa perlengkapan layar tancep wis teka, barang-barange mipil di dunna langsung ditata. Bocah cilik, bocah nom-nom an, karo wong tua pada melu ngrubung trek sing nggawa alat kanggo layar tancep. 

Bocah cilikan pada katon bungah angger ana tontonan, ningen wong tua sing pada mumet golet nggo agan sangu. Ana sing ndadak adol gula, ana sing ndadak bedul budin, ana sing ndandak ngentas gaplek nggo didol agan sangu nonton.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut