get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar

Senin, 17 Oktober 2022 | 20:15 WIB
header img
Cerita Banyumasa, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar. Foto: Freepik

BANYUMAS, iNews Purwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai Risah sebagai pengantin baru mempersiapkan dirinya untuk ikut suami ke Bandung. Selain Risah, Joko juga berencana pergi ke Bandung bersama Yatni untuk dicarikan pekerjaan.

Namun, Yatni yang hendak berangkat diketahui nini Sal dan memberi peringatan pada Yatni untuk tidak meminta tolong pada nini Sal lagi jika ia berangkat ke Bandung. 

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 40 kali ini berjudul, 'Penganten Anyar'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada Senin (17/10/2022), selamat membaca:

Nanggap lengger karo layar tancep, Nini Rikem bener-bener marem olieh mbaranggawe. Alhamdulillah diwei terang kawitan urung mbaranggawe nganti tekan bubar.

Siki Risah wis sah dadi bojone Waris, seurunge mangkat maring Bandung Risah turu neng umaeh biyunge disit. Sore kie Joko mangkat maring Bandung aseng Yatni kon melu ngode neng kana. Dela-dela Joko nylinguk maring lengen tangan kiwe ndeleng jam.

"Wis wayah wene koh Yatni urung teka, apa ora olih neng Bibi Sal ya...apa tek buru bae maring umaeh..." Joko menyat pamit maring Wati arep marani Yatni. Wati sing wis siap banene manthuk-manthuk.

Joko ngeciput maring umaeh Yatni, sekang kadoan Joko krungu reang-reang ana wong nangis sekang umaeh Yatni.

"Ko kur andon di isin-isini tok neng kana, kon dadi babune Joko, umbah-umbah karo rewang olah-olah, dadi bocah aja gelem dilombo Yatniii..." nini Sal gemlundang neng pedangan karo ngomeih Yatni.

Kaki Parta sing mikine meneng langsung menyat. "Rika lah dadi wong tua koh urung pernah ngomong bener, apaning maring keluargane Mbekayu Rikem, pengawake rika kue iri terus, dadi wong kue aja drengki... Joko arep nulung Yatni sing lagi rekasa uripe, ora wurunge neng kene ya ko ora eman, rika pengine kepriwe jane?"

"Ya nganah lunga los, ana apa-apane aja jaluk tulung wong tua maning!!" nini Sal semaur karo mbanting lawang.

"Ora Yung, inyong arep pahal dewek nggo ngempani anake dewek, inyong arep ora jaluk maring rika maning, inyong jaluk ngampura sering ngrepoti rika." Yatni semaur karo mingsek-mingsek.

"Jeglekk!" swara lawang dibukak sekang njaba. 

"Joko?"

"Joko?!" 

"Iya Man, Bi...inyong sing arep tanggung jawab angger Yatni ngasih ora teyeng madang neng Bandung. Ngampura Bi, inyong arep marani Yatni, mobil wis siap gari ngenteni Yatni tok."

Joko ngranggeh tangane Yatni karo nyangking tas disengi metu ngumah. Kaki Parta ngrangkul anak karo putune, nini Sal jagong meneng bae neng dingklik. Yatni pamit salaman maring Ramane banjut lunga ngetutna Joko.

Nini Rikem karo Kaki Tupon sing weruh Yatni tes nangis melu nlangsa.

"Neng kana sing ngati-ati ya, Murni dijaga...syukur mengko Joko nemu pegawean kepenak kanggo ko neng kana."

"Iya Wa kesuwun dongane Wa." Yatni ngambung tangane Nini Rikem mbari ngrangkul karo sesenggukan.

Nini Rikem mereki Joko sing lagi nglebokna gerdus karo tas neng njero mobil." Joko...inyong titip Yatni karo titip Wati...ko aja ngasih nglarani atine Wati, ko kudu bisa njaga perasaane Wati...ngesuk apa ngemben Yatni langsung digoletna kontrakan."

"Iya Yung, inyong ngerti mangsude rika..."

Seuwise siap Wati karo Yatni mlebu maring njero mobil, ana ne wong loro pada njagong neng mburi kabeh karo mangku anake dewek-dewek. 

Swara klakson mobil nandani Joko pamit, mobil mlaku alonan, sue-sue adoh ora katon.

Nini Rikem karo kaki Tupon pada mlebu maring ngumah." Si Risah karo Waris uwis pada maem apa urung kie Maa...kayong kawit mau urung metu."

"Urung pengin ndean..."

"Maa...winginane amben senthong ngarep wis diijoli karo sing bener apa urung?" nini Rikem krisikan maring kaki Tupon.

"Ora kober winginane..." anane wong sakeloron pada gubes lirian.

Neng njero senthong, Risah karo Waris wis pada mapan turu neng amben, ora nana swara apa-apa mung mripat tok sing pating pentheleng.

"Ambene moni bae angger dewek obah, Sah..." 

"Iya, ramane ora nglambangi amben mburi ndean, terus piwe Mas...ya lirian aja keseron..."

"Piwe yoh, ya ora marem, apa nggelar klasa bae Sah..."

"Ya awake inyong lara mengko, Mas..."

"Ya aja, nggo neng Bandung bae ya..."

"Apa ora pengin siki, Mas...nyambi nyetel radio yakena dadi sing neng njaba ora krungu ambene moni."

"Iya bener, ngeneh radione distel...teploke sirep bae ya padang wulan ikih esih katon gremeng-gremeng."

Wong sakeloron pating krisik neng njero senthong. Nini Rikem sing ngerteni penganten anyar pada turu neng senthong mburi dewek.

"Inyong melas Risah, anu bocah isinan ambene moni kreat-kreot, mestine ora sida kie tah."

"Risah ora pada kaya rika ndean, angger rika lah mberod bae ganu, ya langsung dadi..."

"Halahh rika be doyan ngomong ora usah goroh, butul siki dela-dela nyingkab tapih. Ngeneh aja mungkur, pijetina sikile inyong Maa...rasane koh pegel temen..."

"Molaih...molaih..."

Senthong ngarep Risah gubes karo Waris, senthong mburi biyunge ora gelem kalah karo anake, melu bae pada gubes pijet-pijetan.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut