get app
inews
Aa Read Next : Lestarikan Budaya Banyumasan, Pringsewu Restaurant Group Gelar Pertunjukan Wayang Legenda Baturraden

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 41: Gagal Gara-gara Amben

Senin, 24 Oktober 2022 | 22:15 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 41: Gagal Gara-gara Amben. Foto: Ilustrasi Freepik

BANYUMAS, iNews Purwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas mengenai Risah sebagai pengantin baru yang tidak bisa tidur karena badannya kesakitan dan tidur menggelarkan tikar di lantai. Risah meminta untuk tidur di rumahnya Joko agar sorenya dapat bersiap-siap berangkat ke Bandung. 

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 40 kali ini berjudul, 'Gagal Gara-gara Amben'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada Senin (24/10/2022), selamat membaca:

Nini Rikem turu lali seuwise sikile dipijeti kaki Tupon. Wengi ganti esuk, nini Rikem sibuk ngengeti sodogan kanggo agan sarap. Risah metu sekang senthong maring pedangan mbatiri biyunge olah-olah.

"Awake inyong pada lara Yung, mengke bengi inyong turu neng umaeh Kang Joko bae, ngesuk sorene mangkat maring Bandung."

"Anu keselen wingi ndean dadi ora teyeng turu, apa arep diurut awake ben kepenak?" nini Rikem takon karo nyambi olah-olah.

"Mau bengi gerah banget, inyong ora teyeng turu dadi gelar klasa neng ngisor."

Kaki Tupon sing lagi medang teh buket neng risban kapiselek krungu laporane anake gelaran klasa. Kemutan gemien nalikane nembe dadi penganten anyar karo nini Rikem.

"Persis kaya rama biyunge." Jero menenge kaki Tupon.

Nini Rikem nylinguk krungu kaki Tupon kapiselek.

"Aja ke dagar-dagar enggane, mandaran nginum teh langka sing arep ngrebut."

"Ya ora..."

"Waris urung tangi sih? Ngeneh kon medang bareng..." kaki Tupon aseng mantune kon medang bareng.

"Tangi gasik mau, lagi mlayu-mlayu Ma... mengko dela maning toli bali." Risah metu sekang pedangan.

Nini Rikem ngentas sodogan digawa maring meja neng sandinge kaki Tupon.

"Mesti gara-gara ambene moni dadi Risah gelar klasa, rika diomongi ora ngandel, kasur busa didelah amben plupuh ya ora jodo. Empuk nana wong ambene moni, rika kaya ora tau nom bae, dadine kaya dewek ganu inyong sing awake lara rasane mbuh ora genah."

"Siki wis genah ikih mbok rasane kaya kae..."

"Ya mbuh cokan kelalen rasane, mulane cokan jaluk ben kelingan rasane."

Wis dadi biasa saben esuk mesti gegoh neng pedangan, mbuh apa bae sing dibahas.

"Ramane... ngesuk masarine, inyong wis prentah maring sing pada rewang kon maring ngeneh maning ngesuk. Jere arep pada nyilih beras ya tulung rika mengko goletna dacin nggo nimbang beras. Amplop ya esih ditutup tampah gejobonge urung tek dulit-dulita kawit wingi."

"Ya mengko sisan kaki Parta kon goletna dacin karo ngrewangi bukak amplop." 

Neng bale umah Risah karo Waris pada pating grendeng.

"Apa siki bae maring umaeh Mas Joko?" Waris takon maring Risah.

"Ya ayuh pada sarap disit, mengko pada pamit maring ramane karo biyunge." Risah aseng Waris mlebu pedangan.

Mau bengi Waris karo Risah pada ora teyeng turu, neng kasur busa langka kipas rasane kaya digodog, ditambah maning ambene digawa obah moni. Risah karo Waris isin mbok ramane karo biyunge pada krungu. Apamaning nek wong desa angger ana penganten anyar pada ngintip apa nguja liwat neng empere.

Jaman kuna jaman esih jodoh-jodohan, penganten anyar mesti digawekna amben sing ciut tujuane ben perekan bae, wong tuane cepet diwei putu. Angger ambene meneng bae wong tua jaman gemien pada ngintip anake sing dadi penganten anyar, sebabe akeh sing pada turune ungkur-ungkuran merga anu jejodoan ora karepe dewek.

Risah karo Waris pada sarap bareng, seurunge pamit maring umaeh Joko.

Nini Rikem dadi wong tua banget pengertiane, deweke ya tau ngalami dadi wong nom.

"Ya nganah mbok arep ngaso turu neng umaeh Joko, neng kana tah ana listrik, kipas angin ya ana, kulkas ya ana... gawa jangan kare karo semur iwak sapi kae Sah, mengko kena dinget neng kana."

"Iya Yung..." Risah madaih jangan karo sega nggo agan madang neng umaeh Joko.

Risah karo Waris pada lunga montoran maring umaeh Joko sing neng mandan kota.

"Deresane arep kepriwe kie Ma...arep molai diludang siki apa ngesuk bae bar masari?"

"Ya ngesuk bae Yung, dina kie arep nggo ngaso disit, awak ya pada mrengkel turune kurang pirang dina kie..."

"Iya pada bae inyong ya kaya kue, mulane mau bengi jaluk dipijeti rika merga kempole kenceng, mrengkel pisan."

"Wong ujarku bar mijeti inyong diupaih malah diodeg amleng langka swarane, Yung...Yung..."

"Lha terus rika kesuh esuk-esuk tangi godog banyu wedang dewek."

"Ya ora, wong pengin medang rika ngleder bae."

"Upaeh siki mbok bisa, langka bocahan ikih... Paijo karo Denok pada sekolah, umaeh amleng langka wong."

Nini Rikem karo mesam-mesem, kaki Tupon wis ngerti mangsude bojone. 
Bubar mbaranggawe umaeh amleng, sing rewang pada keselen sing due umah ya pada bae. Kaki Tupon karo nini Rikem pada pijet-pijetan awak karo ngaso, wis pirang dina bae kurang turu. 

Neng Senthong banene pating gemrendheng.

"Nah kue kono kepenak Maa...sing mandan rosa dadi krasa."

"Kerosan ya rika mringis-mringis kelaraen, dasare ambene ya urung ganti mengko malah mledos Yung..."

"Inyong tah ager dipijet konone kepenak Maa...ora lara ora, mledos langka wong ikih, dadi rika tanggung jawab ganti amben koh..."

Anane wong loro pada gemrendheng sue-sue pating jegigis pada ngguyu mbuh ngguyoni apa sing lucu.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani
 

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut