get app
inews
Aa Read Next : Apa Itu Malam 1 Suro? Dianggap Keramat dan Sakral bagi Masyarakat Jawa

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah

Selasa, 08 November 2022 | 04:19 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah. Foto: Pinterest

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Berlanjut dari episode sebelumnya, episode kali ini membahas Yatni yang akan bekerja di toko kue dan dikenalkan dengan bos-nya oleh Joko. Tidak diduga ternyata sebelum bertemu di rumah Joko, Yatni dan bos-nya pernah bertemu. Hingga akhirnya Yatni berangkat untuk mulai bekerja. 

Cerita Banyumasan tayang setiap Senin dan Kamis, pada episode 43 kali ini berjudul, 'Ngresulah'. Berikut jalan cerita selengkapnya yang dirangkum oleh iNewsPurwokerto.id pada, Senin (7/11/2022), selamat membaca:

Ora dinyana tamune Joko kue wong sing mobile nyipreti banyu maring klambine Yatni nalika maring toko miki sore. Anane wong sakeloron pada pandeng-pandengan ora kedep.

"Kamu kan yang tadi di jalan depan, kenapa kamu di sini... apa hubunganmu sama Joko?"

"Sa-saya...anu..." Yatni semaur gugup, urung ngasih rampung olieh jawab Joko metu merga Yatni karo tamune sue ora mlebu-mlebu.

"Yatni...deneng tamune ora kon mlebu ngumah..."

"Iyaa, kie arep kon mlebu..." Yatni aseng tamune kon mlebu ngumah.

Lukman mlebu maring njero terus jagong neng sofa. Neng kono wis ana Joko sing lagi medang kopi karo Kue sing diwei deweke mau.

"Piwe, ndi wonge sing arep kerja neng toko ne inyong...gelem apa ora, dadi genah inyong ora golet wong maning."

"Kae miki sing bukakna gerbang." 

"Oh, kae miki..."

Yatni sekang pedangan metu nggawa baki isi cangkir kopi.

"Monggo..." Yatni ndelah cangkir isi kopi karo gemeteran tangane.

"Suwun Yat...ngeneh jagong disit sedela." Joko aseng Yatni kon njagong neng sofa.

Joko ngenalna maring Yatni, nek Lukman kue wong sing butuhaken pegawe toko. Yatni manthuk-manthuk tandane ngerti. Lukman ora crita maring Joko nek miki sore wis pada kenal jalaran mobile nyipreti Yatni.

"Kirane kapan mulai pindah maring toko Kue ne inyong...mengko sisan apa ngesuk di jujugna bae." Lukman takon karo nyruput kopi gaweane Yatni.

"Jebule bisa ngomong ngapak kaya inyong, ujarku bos wong Jakarta." Yatni ngomong neng batin.

Yatni mandan rikuh nalika Lukman olieh ndelengna ora kedep, Yatni dadi serba salah, Joko mlirik maring Lukman, ora kaya biasane Lukman ndelengna wong ngasih kaya kue.

"He eemm...?" Joko dehem mbari ngelingna Lukman sing ora eling ndelengna Yatni ora kemedep.

"Oh, iya...ngesuk bae yakena, inyong wis sore arep bali disit." Lukman gagian pamitan ora sengsaya mahan jantung sing pada kemrutug neng njero. 

"Ujarku sisan gawe melu siki bae..." Joko usul kon melu sisan.

"Ko siap mbok Yat, nek siap siki bae sisan dadi langsung manggon neng toko ne Lukman."

Lukman nylinguk maring Yatni, semeno uga Yatni, mripate pada adu banjut pada dengkul kabeh merga isin.

"Ya wis mbok kewengen, inyong ora ngurak Yat, ben ngesuk bisa langsung kerja, bisa nyambi momong ikih neng kana ora usah khawatir."

"Iya inyong ngerti Joko, ya wis inyong arep siap-siap disit."

"Inyong titip Yatni, angger urung bener olieh nyambut gawe ya diomongi, aja diomeih, melas bocah ora due biyung kawit cilik." 

"Iya tenang bae, inyong udu wong sing cokan ngomeih wong apa maning wong wadon."

Yatni metu nggendong tas isi klambi karo nuntun Murni, Yatni pamit maring Wati sing lagi ngeloni anake neng njero. Seuwise pamit kabean, Yatni mlebu maring mobile Lukman, ora ganti sue mobile mlaku.

Neng njero mobil langka swara wong, mung swara mobil sing nggerung. Lukman nyetir ndelenge ngarep, Yatni mlinge ndeleng maring jendela. Anane wong sakeloron katon kaku langka kandahan apa-apa, pikirane sibuk kandah dewekan.

"Man, inyong kencot, miki urung maem..." ijig-ijig Murni ngomong kencoten, Yatni langsung nutupi tutuke Murni karo tangan merga ngisin-ngisina.

"Oh, urung maem ya....ya ayuh mampir warung golet maeman." Lukman langsung minggir kiwe mlaku londogan mbari golet warung panganan.

"Hoeekk...hoeekk..." Murni mutah maring jok mobil, Yatni langsung gagian ngelapi jok sing kena mutahane Murni karo klambi sing ana neng njero tas.

Pas Yatni ndengkul, Lukman uga ndengkul, bathuke Yatni karo bathuke Lukman pada jedodan. Anane wong sakeloron sing maune isin malah pada ngguyu pating jegigis. 

"Ngeneh tek rewangi..." Lukman mbopong Murni, banjut Yatni ngelapi jok mobil ngasih bersih.

"Ngampura ya, anakku wis nggawe kotor jok mobil sing maen kie."

"Wis ora papa, wong mutah ora sengaja kok, mengko mampir warung prapatan ngarep kae."

Lukman sing maune selawas-lawas ora kenal wong wadon, malah kenal karo Yatni katon bungah, praene katon padang.

***

Nini Sal neng ngumah lagi kemrewek ngomeih Diwan, montore dela-dela bodol, dela-dela njaluk duit.

"Ora memper, enggane wingi wis jaluk duit nggo dandan montor siki jaluk duit maning, apa rujine nggo coel enggane."

Diwan bocaeh nakal, sering nglomboni biyunge, ngadali babagan apa bae, jaluk duit nggo bayar SPP ya ora dibayarna, nganti gurune teka maring ngumah.

"Genah montore mogok mbuh apane sing bodol maning." Diwan api-api ndhengkul.

"Bapane...ngutangna duit nggo dandan montore anak lanang kae, karo nggo agan bayar kost sisan gawe, inyong isin utang bae. Salaeh inyong apa deneng urip koh kaya kie temen, sejen karo nini Rikem sing uripe begya...deneng kae tah uripe adem ayem temen, inyong gumun..." Nini Sal celuk-celuk kaki Parta karo kesuh.

"Jann ko ya dadi bocah dela-dela duit, siki bapamu mung nderes tok, wis ora dadi bakul wedhus maning nggolet duit angel, dimandan priatin dadi bocah." kaki Parta melu numpangi omong maring Diwan.

"Uwis ora usah ngomeih bae gari los utang umaeh mbekayu Rikem nganah, kae sing duite kena nggo kampilan." 

Diwan jagong neng dingklik karo dolanan jenthik, nini Sal karo umbah-umbah piring, kemrewek ya gemlundang. Kaki Parta githir maring umaeh kaki Tupon.

"Kang...Yu..." kaki Parta dodog-dodog lawang sekang lawang mbale, ningen amleng langka swara.

"Kayong lawang tengah mlongo, lagi pada maring ndi kie wong deneng amleng kecimleng ya..." kaki Parta mlaku muter maring mburitan.

"Blethokkk..."

Ana swara pring tugel, dadi kaki Parta mlaku banter muter maring buritan umah.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut