Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 10: Pamer!

PURWOKERTO, iNews.id - Masih melanjutkan cerita Kaki Tupon dan Nini Rikem serta keluarganya, ketika di lokawisata Baturraden, rombongan Joko sekeluarga duduk bersama menikmati suasana rekreasi sembari menyantap berbagai macam jenis makanan. Setelah dirasa cukup, rombongan itu pun pulang.
Kali ini, nini Rikem tidak mabok darat seperti sebelumnya. Sesampainya di rumah, tinggallah nini Rikem dan kaki Tupon berdua, sedangkan anak-cucunya berada di rumah Joko.
Tiba-tiba, salah seorang tetangga, nini Sal datang untuk mengantarkan nasi berkat. Karena nini Rikem merasa nini Sal memamerkan gelangnya, ia pun tak mau kalah memamerkan bahwa dirinya usai bertamasya bersama anak-cucunya.
Namun, tetap saja, nini Rikem merasa kesal dengan tindakan nini Sal. Di sisi lain, kaki Tupon tiba-tiba memberikan hadiah kejutan pada nini Rikem, sebuah daster yang dibelinya saat berada di lokawisata. Hadiah tersebut kiranya membuat nini Rikem senang. Namun?
Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Pamer'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.
Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Senin (9/6/2022):
Panganan khas Banyumas sing ana nang Baturraden mesti ditukoni, merga neng perantauan ora tau menangi jajanan sing ana neng Banyumas. Risah, Joko, Wati pada jajan panganan desa, nah Paijo, Denok, karo Rama Biynge di jajana panganan sing aneh ora nana neng desa.
Gelaran klasa nyambi nyawang anak putune ciblonan neng banyu, nini Rikem karo kaki Tupon nyanding sate kelinci.
"Rika tah doyan yoh Maa...inyong tah suka milih iwak manuke, wong angger olih bajing ya inyong tah ora tau melu mangan, gigu."
"Ya iya, koh genah diyan banget maring iwak manuk, kayong ora nana blengere, dasare iwak manuk tah gurih, apa maning puyuh angger di gethik enak pisan."
"Iya..." nini Rikem semaur karo mesem. "Wis sue rika ora olih puyuh, ya sue ora tek gethikna."
Wong sakeloron mbuh lagi pada ndopok apa, banene sue-sue nini Rikem ngegas. Kaki Tupon milih meneng ngrungokna bojone sing mbuh lagi ngomongna apa.
"Yung...arep pada bali, wis sore..." Denok celuk-celuk sekang kadoan.
"Iya ngeneh mbok udan kae, langite kayong wis peteng dedet."
Rombongane Joko teka ngejak bali, sauwise mbayar sewan klasa, bayar satene mbanjur pada mlaku maring mobil sing diparkir neng nduwur. Nini Rikem wis mlebu mobil, kaki Tupon mereki bakul klambi, mbanjutan ilang-ileng daster.
Kaki Tupon tuku daster neng nggon wisata Baturraden. Sauwise di wadaih kresek terus digawa maring mobil.
"Wis siap kabeh langka sing keri kie..." Joko ngelingna mbok ana sing keri.
"Uwis Kang, wis mlebu kabeh langka sing keri." Denok semaur.
"Ya wis ayuh, Bismillaah..."
Kabean melu ngucap, " Bilsmillaah..."
Mobil mulai mlaku temurun, nini Rrikem sing wis nginum antimo siki ora mabok maning katon bungah pisan. Neng dalan momong putu karo gurisan. Mangkat esuk bali sore, sedina deg golih plesir.
"Kesel yoh plesiran." nini Rikem langsung turonan neng risban bale.
"Dadi rika blenger ora bola-bali pengin plesir. Kie bocahan pada nginep neng umaeh Joko kabeh apa Yung..."
"Iya ndean, belih poran...inyong ya kesel ikih dasare arep ngaso."
"Tok tok tok...Mbekayu Rikem, rika wis bali..."
"Sapa kae Yung..." Kaki Tupon mentheleng maring nini Rikem.
"Kayong memper suarane nini Sal deneng, jajal tek bukake lawange." nini Rikem menyat sekang risban banjur bukakna lawang.
"Yuu...inyong miki maring ngeneh jujugna berkat, mau tes tuku montor honda nggo si Diwan siki wis SMA." nini Sal ngulungna berkat sing dibuntel godong jati.
"Oh, iya kesuwun...nembe bali kie, Joko ngejak plesir maring Baturraden karo numpak tangga jalan mangkat esuk." nini Rikem semaur mandan semu pamer.
"Oh iya Yu, ya wis ngonoh inyong arep langsung kebat." nini Sal langsung bali maring ngumaeh. Nini Sal banene karo gemrendeng trut dalan. " Mandaran maring Baturraden be koh pamer, apa rika ora weruh Inyong bar ditukokna gelang karo daster anyar sih, inyong ya wis tuku montor honda." Karo mlaku karo cathus-cathus trut dalan.
Nini Rikem neng ngumah ya kayong kesuh bar weruh nini Sal ngulungna berkat kayong nguja gelange kon katon.
"Dadi wong koh pamer banget, ndadakan ngulungi berkat koh karo ogel-ogel tangane, Maa...apa ora pamer kue arane. Inyong tah angger due kaya kue ya ora pamer kaya nini Sal."
"Iya...ora beda adoh, wong miki rika be tes pamer bar plesir, he emm..." kaki Tupon semaur karo dehem.
Nini Rikem meneng bae, ngomong neng batin" Iya, inyong ya miki anu pamer, tapi kan jalaran kae pamer disit. Iya bener ramane, inyong ya ora beda karo nini Sal."
"Piwe Yung deneng meneng."
"Ora...lagi kemutan mau." nini Rikem semaure nylimur.
"Jikotna kresek kae miki Yung, Si Joko mbuh aweh apa kae mau lagi neng ngisor tangga jalan."
Nini Rikem menyat jikot kresek loro sing ana neng amben bale tengah.
"Anu isi apa sih Maa..." nini Rikem mbukak kresek sing dibundel.
"Daster Maa...tuku neng ndi, kapan...deneng inyong ora weruh. Abang maroon pas banget karo kulite inyong yoh Maa..." nini Rikem katon bungah pisan ditukokna daster neng bojone.
"Nah kie apa maning Maa, deneng dompet cilik, kon nggo wadah duit apa kie...ana gambar kalung karo gelang Maa..." ora sranta dompet cilike dibukak slereke. Bareng dibukak isine werna-werna, ana kalung, gelang, karo ali-ali. Saking bungaeh nini Rikem ijig-ijig mlumpat ngrangkul ramane.
"Kue jajane Risah karo Joko mau, miki dititipna inyong...nah dastere inyong sing tuku neng Baturraden."
"Iya ora papa, senajan daster tok tapi inyong bungah, deneng rika due duit, apa bocahan pada wis ngulungi rika sih..." nini Rikem mandan jlegedeg.
"Ya urung, biasane aweeeh angger arep pada bali ngulon mbok. Kue anu duit..." kaki Tupon ora nglanjutna omongane merga mbok biyunge marah-muruh maning, kemutan lagi adol jengger.
"Duit apa koh..." nini Rikem neges-neges bae.
Kaki Tupon sing di teges-teges bae akhire waleh.
"Angger adol gula, inyong sering nglomboni rika, inyong cokan ngelong sekilo." kaki Tupon semaur karo wedi.
"Ramaneeeeee..." nini Rikem njerit karo nyabet Ramane nganggo daster.
Kaki Tupon pengin aweh maring bojo tapi duit sekang ndi wong pahale bareng terus. Dadi carane mung nglomboni nini Rikem. Nini Rikem senajan ora nuntut ning cokan ngarep-ngarep kaki Tupon aweh ya gawe kaki Tupon nglakoni hal sing ora bener.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah