"Gigire inyong gatel kie, ngeneh dikukuri disit karo garu ne rika."
"Jann, ramane tah ana-ana, jarku arep dilabuih malah kon nggaru gigir disit. Mengko gari kon ngapa maning, Maa." nini Rikem menyat jikot garu ( sisir )
"Mengko ya langsung bae, ora mawi nunggu kesuen mbok rika tambah katisen, mumpung rika lagi bombong, mumpung rika ya katon moblong." kaki Tupon karo ngalem.
Nini Rikem mandan kesuh ning mandan bungah, angger di alem neng bojo. Wong sakeloron esih pada gubes, ning mbari jegigisan.
"Nah kue pas banget, sing mandan rosa, aja lirian ora krasa kaya kue tah. Nah iya kue...terus-terus...enak banget kue, kaya kue bae...aja pindah disit." kaki Tupon banene aweh aba-aba.
"Miring ya dadi inyong ora angel kie...wis krasa apa urung...apa kurang rosa Maa..." nini Rikem nggenahna maring bojone.
"Iya kue wis pas banget."
"Inyong kesel ngukuri bae, jere miki arep tanggung jawab." nini Rikem mbalik kesuh mungkuri kaki Tupon.
Kaki Tupon wedi mbok bojone kesuh dadi gagian di kepi, nini Rikem meneng bae wis mulai kesuh.
"Yung...rambute wangi banget, sampoan apa miki..." kaki Tupon ngambung rambute nini Rikem sekang mburi karo ngusap-ngusap.
Nini Rikem mung ngas-ngos tok ora semaur.
"Rika mutung sih Yung...inyong atis kie." kaki Tupon ngrayu.
"Inyong wis gerah...ngalih aja perek-perek." nini Rikem mutung, mungkuri kaki Tupon bae.
"Duh, inyong salah kie...ndadakan kon ngukuri gigir kesuwen." kaki Tupon mbatin.
Wengi siki nini Rikem ora butuh pertanggung jawaban babagan katisen. Merga atine wis dongkol, nini Rikem mapan turu ungkur-ungkuran.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait