Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 12: Daster Anyar!

Tim iNews. id
Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Daster Anyar'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak. (Ilustrasi/Ist)

"Iya iyaa...apik pisan dadi katon enom, biasane tapian katon nini-nini." semaure kaki Tupon.

"Oalah...berati inyong ditukokna daster, anu kawit wingi katon tua Maa..." Nini Rikem katon mulai ngegas, ning kaki Tupon katon sante bae.

"Ora usah ngegas Yung, wong nyata dewek kie mbok wis tua...wis due putu."

"Iya, ning aja kaya kue, jajal gawe atine inyong bungah Maa..."

"Iya, inyong genah bungah olih bojo rika...olih bojo ayu, ning mandan rewel." semaure kaki Tupon maju lirih. Ning nini Rikem krungu, mripate banene mlerok.

"Ramane...kie dewek turu neng kasur empuk ora moni kreat-kreot yoh...kemule kandel banget, atis...AC ne diurubna bae apa dipateni bae ya..." nini Rikem mereki kaki Tupon.

"Ya belih kon rika katisen, kie udu amben anu kasur tok emperen."

"Angger inyong katisen, rika gelem tanggung jawab sih...urung apa-apa mengko rasan beyekane nyangkreng." nini Rikem semaur karo cathus-cathus.

"Lha inyong tanggung jawab terus angger rika katisen ya tek kemuli mbok." kaki Tupon semaur karo nyruput teh.

"Udu kue Maa...ramane tah ora pahaman." nini Rikem mandan mutung munggah maring kasur, ning dastere mandan nyincing maring nduwur.

Mbuh anu sengaja mbuh ora, ningen gawe kaki Tupon mlirik maring nini Rikem. Kaki Tupon menyat mereki nini Rikem sing lagi kemureb neng kasur, karo mbenerna dastere. Nini Rikem sing krasa dastere dibenerna api-api meneng bae.

"Apik temenan dastere yoh Yung...cocok pisan karo kulite rika sing putih." kaki Tupon ngalem ben nini Rikem bombong. Kaki Tupon munggah kasur, nini Rikem esih api-api jane bungah banget kaki Tupon munggah kasur.

"Yuung...ngeneh madep ngeneh mbok." kaki Tupon jejeri nini Rikem.

Atine nini Rikem kayong kemrutug ora kaya biasane, kaya nembe turu karo kaki Tupon. Apa enggane merga turu neng hotel sing panggonane maen tur adem ora bringsang.

"Iya, Maa..." nini Rikem semaur karo mesem. Rika arep tanggung jawab kon inyong ora katisen ganing AC mbok." nini Rikem esih semaur karo mungkur.

"Iya..."

Nini Rikem mbalik madep kaki Tupon, ning kaki Tupon esih jagong sendean.

"Jere arep tanggung jawab, deneng urung siap-siap..."

Editor : Arbi Anugrah

Halaman Selanjutnya
Halaman : 1 2 3

Bagikan Artikel Ini
Konten di bawah ini disajikan oleh Advertiser. Jurnalis iNews Network tidak terlibat dalam materi konten ini.
News Update
Kanal
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
MNC Portal
Live TV
MNC Network