get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 26: Tutup karo Wadah

Kamis, 11 Agustus 2022 | 21:02 WIB
header img
Ilustrasi suasana Desa.

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini menceritakan pasangan antara kaki Tupon dengan nini Rikem memang kompak. Bahkan, disebut wadah sama tutupnya. 

Bahkan, kaki Tupon kerap bercanda kepada nini Rikem, supaya kalau keluar tidak dandan. Cukup bersolek di rumah saja.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Tutup karo Wadah'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Kamis (11/8/2022):

Kaki Trisno lagi kebingungan merga Darwan, anak sing cilik nangis bae. Kaki Trisno ngemban Darwan metu maring njaba, ning njaba tambah putek weruh Sugeng lagi nangis glangsaran geger goleti mboke sing lunga sekang ngumah.

"Cep-cep, meneng aja nangis bae, ayuh nggolet mboke." kaki Trisno mereki Sugeng sing lagi nangis. Ngemban Darwan karo nuntun Sugeng lunga sekang ngumah nggolet nini Tas sing lunga mutung mau. Mbari mlaku anane bocah sakeloron nangis bae trut dalan.

Sekang kadoan nini Tas lagi mlaku bali karo kaki Sapon, dibatiri kaki Tupon. "Eh kae Mboke bali deneng." kaki Trisno ngecungna anake maring nini Tas.

"Alhamdulillah rika bali Mboke, kie bocahan pada nangis kabeh, inyong jaluk ngampura." kaki Trisno mandeg neng adepane kaki Sapon.

"Ayuh balik maning, inyong arep ngomong karo anane wong sakeloron."

Nini Tas ora semaur blas, kaki Tupon mung ndelengna, melu ngetutna kaki Trisno mbalik maning maring umaeh. Sauwise tekan ngumah, nini Tas njagong adoh-adoan karo kaki Trisno.

"Sing arane wong wis umah-umah kudu pada bae ngertine, dadi wong lanang kudu teyeng pahal, ngempani anak bojo, wong wadon kesel neng ngumah ngurus anak ngurus pegawean umah. Aja mung ngalor ngidul cangklongan klambi tok, aja ngasih bojomu bali maring umaeh biyunge maning, isin." kaki Sapon dadi penengah kaki Trisno karo nini Tas.

Editor : Aryo Arbi

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut