get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 38: Pasang Dekor

Senin, 10 Oktober 2022 | 20:26 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 38: Pasang Dekor. Foto: Freepik

"Mbekayu Dinah, kie iwak sapine esih gari sewaja sing nggo agan ngijaban ngesuk, sing neng baskom kanggo dina siki. Ndean dayoeh ora akeh kaya wingi, deleng kae...berase wis olih 30 kandi, lawuh medang garing kebek se pedangan. Nembe tumon inyong weruh wong mbaranggawe olieh semene akeeh."

"Iya, rika sih arep ngendi?" nini Dinah takon.

"Ya ora ngendi-ngendi...mung gumun, kayane mbekayu Rikem due anggon-anggon ndean yoh Yu..."

"Aja kaya kue, mbok krungu wong malah rika gawe fitnah. Wis, rika ngemek pegaweane rika bae ora usah ngomong werna-werna." nini Dinah lunga maring njaba. Nini Sal menjep mbari ngruwes godong sing arep nggo buntel.

Tukang dekor wis lagi mulai gawe kembang mayang sing agan arep nggo jejer mengko bengi. Risah karo binah bojo njagong neng dingkling karo ndelengna tukang dekor. Kalung, gelang, karo ali-ali gawan dinggo kabeh, kanggo ngormati kelurgane Waris. 

Semono uga nini Rikem, anggon-anggone mompyor katon tambah moblong, apa maning ngesuk angger penganten jejer melu didandani.

"Biyung karo anak pamer kabeh, ngonoh ditokna kabeh anggon-anggone." nini Sal ngintip sekang jendela plong tengah.

"Gemrendeng ana apa Bi..." Tasiah takon mbari tiru ngintip.

Wong lara pada dumpel-dumpelan ngintip bareng. 

"Ya belih Bi, wong due ya dinggo...ganu lagi rika due deneng ya dinggo kabeh butul sikut. Ora usah goleti alane wong, ndeleng awake dewek bae disit Bi, dadi rika ya pengawak ora panas nyawang wong bungah."

"Hmm...wis pinter maraih wong tua ya...ngeneh utange si Trisno ganu urung nyaur utang maring bapane." nini Sal nagih utange kaki Trisno maring kaki Parta jalaran kesinggung omongane Tasiah.

"Oalah Bi...Bi...rika lah ora kena ke senggol wong tapi cokan nyenggoli wong ora krasa. Ngemben tek sauri, bapane lagi rewang pasang gople ikih Bi." Nini Tas lunga ngurusi pegaweane dewek, nini Sal melu mundur njagong neng panggonan megari.

Dekor penganten uwis lagi dadi, putri domas wis dipilih neng si Risah. 

Trek sing gawa perlengkapan layar tancep wis teka, barang-barange mipil di dunna langsung ditata. Bocah cilik, bocah nom-nom an, karo wong tua pada melu ngrubung trek sing nggawa alat kanggo layar tancep. 

Bocah cilikan pada katon bungah angger ana tontonan, ningen wong tua sing pada mumet golet nggo agan sangu. Ana sing ndadak adol gula, ana sing ndadak bedul budin, ana sing ndandak ngentas gaplek nggo didol agan sangu nonton.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut