get app
inews
Aa Read Next : Apa Itu Malam 1 Suro? Dianggap Keramat dan Sakral bagi Masyarakat Jawa

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah

Selasa, 08 November 2022 | 04:19 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah. Foto: Pinterest

Yatni metu nggendong tas isi klambi karo nuntun Murni, Yatni pamit maring Wati sing lagi ngeloni anake neng njero. Seuwise pamit kabean, Yatni mlebu maring mobile Lukman, ora ganti sue mobile mlaku.

Neng njero mobil langka swara wong, mung swara mobil sing nggerung. Lukman nyetir ndelenge ngarep, Yatni mlinge ndeleng maring jendela. Anane wong sakeloron katon kaku langka kandahan apa-apa, pikirane sibuk kandah dewekan.

"Man, inyong kencot, miki urung maem..." ijig-ijig Murni ngomong kencoten, Yatni langsung nutupi tutuke Murni karo tangan merga ngisin-ngisina.

"Oh, urung maem ya....ya ayuh mampir warung golet maeman." Lukman langsung minggir kiwe mlaku londogan mbari golet warung panganan.

"Hoeekk...hoeekk..." Murni mutah maring jok mobil, Yatni langsung gagian ngelapi jok sing kena mutahane Murni karo klambi sing ana neng njero tas.

Pas Yatni ndengkul, Lukman uga ndengkul, bathuke Yatni karo bathuke Lukman pada jedodan. Anane wong sakeloron sing maune isin malah pada ngguyu pating jegigis. 

"Ngeneh tek rewangi..." Lukman mbopong Murni, banjut Yatni ngelapi jok mobil ngasih bersih.

"Ngampura ya, anakku wis nggawe kotor jok mobil sing maen kie."

"Wis ora papa, wong mutah ora sengaja kok, mengko mampir warung prapatan ngarep kae."

Lukman sing maune selawas-lawas ora kenal wong wadon, malah kenal karo Yatni katon bungah, praene katon padang.

***

Nini Sal neng ngumah lagi kemrewek ngomeih Diwan, montore dela-dela bodol, dela-dela njaluk duit.

"Ora memper, enggane wingi wis jaluk duit nggo dandan montor siki jaluk duit maning, apa rujine nggo coel enggane."

Diwan bocaeh nakal, sering nglomboni biyunge, ngadali babagan apa bae, jaluk duit nggo bayar SPP ya ora dibayarna, nganti gurune teka maring ngumah.

"Genah montore mogok mbuh apane sing bodol maning." Diwan api-api ndhengkul.

"Bapane...ngutangna duit nggo dandan montore anak lanang kae, karo nggo agan bayar kost sisan gawe, inyong isin utang bae. Salaeh inyong apa deneng urip koh kaya kie temen, sejen karo nini Rikem sing uripe begya...deneng kae tah uripe adem ayem temen, inyong gumun..." Nini Sal celuk-celuk kaki Parta karo kesuh.

"Jann ko ya dadi bocah dela-dela duit, siki bapamu mung nderes tok, wis ora dadi bakul wedhus maning nggolet duit angel, dimandan priatin dadi bocah." kaki Parta melu numpangi omong maring Diwan.

"Uwis ora usah ngomeih bae gari los utang umaeh mbekayu Rikem nganah, kae sing duite kena nggo kampilan." 

Diwan jagong neng dingklik karo dolanan jenthik, nini Sal karo umbah-umbah piring, kemrewek ya gemlundang. Kaki Parta githir maring umaeh kaki Tupon.

"Kang...Yu..." kaki Parta dodog-dodog lawang sekang lawang mbale, ningen amleng langka swara.

"Kayong lawang tengah mlongo, lagi pada maring ndi kie wong deneng amleng kecimleng ya..." kaki Parta mlaku muter maring mburitan.

"Blethokkk..."

Ana swara pring tugel, dadi kaki Parta mlaku banter muter maring buritan umah.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut