get app
inews
Aa Read Next : Apa Itu Malam 1 Suro? Dianggap Keramat dan Sakral bagi Masyarakat Jawa

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah

Selasa, 08 November 2022 | 04:19 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 43: Ngresulah. Foto: Pinterest

"Oh, kae miki..."

Yatni sekang pedangan metu nggawa baki isi cangkir kopi.

"Monggo..." Yatni ndelah cangkir isi kopi karo gemeteran tangane.

"Suwun Yat...ngeneh jagong disit sedela." Joko aseng Yatni kon njagong neng sofa.

Joko ngenalna maring Yatni, nek Lukman kue wong sing butuhaken pegawe toko. Yatni manthuk-manthuk tandane ngerti. Lukman ora crita maring Joko nek miki sore wis pada kenal jalaran mobile nyipreti Yatni.

"Kirane kapan mulai pindah maring toko Kue ne inyong...mengko sisan apa ngesuk di jujugna bae." Lukman takon karo nyruput kopi gaweane Yatni.

"Jebule bisa ngomong ngapak kaya inyong, ujarku bos wong Jakarta." Yatni ngomong neng batin.

Yatni mandan rikuh nalika Lukman olieh ndelengna ora kedep, Yatni dadi serba salah, Joko mlirik maring Lukman, ora kaya biasane Lukman ndelengna wong ngasih kaya kue.

"He eemm...?" Joko dehem mbari ngelingna Lukman sing ora eling ndelengna Yatni ora kemedep.

"Oh, iya...ngesuk bae yakena, inyong wis sore arep bali disit." Lukman gagian pamitan ora sengsaya mahan jantung sing pada kemrutug neng njero. 

"Ujarku sisan gawe melu siki bae..." Joko usul kon melu sisan.

"Ko siap mbok Yat, nek siap siki bae sisan dadi langsung manggon neng toko ne Lukman."

Lukman nylinguk maring Yatni, semeno uga Yatni, mripate pada adu banjut pada dengkul kabeh merga isin.

"Ya wis mbok kewengen, inyong ora ngurak Yat, ben ngesuk bisa langsung kerja, bisa nyambi momong ikih neng kana ora usah khawatir."

"Iya inyong ngerti Joko, ya wis inyong arep siap-siap disit."

"Inyong titip Yatni, angger urung bener olieh nyambut gawe ya diomongi, aja diomeih, melas bocah ora due biyung kawit cilik." 

"Iya tenang bae, inyong udu wong sing cokan ngomeih wong apa maning wong wadon."

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut