get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 44: Sregep Nyambut Gawe

Kamis, 10 November 2022 | 21:11 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 44: Sregep Nyambut Gawe. Foto: Pinterest

Paijo mereki Denok sing lagi dipangku neng nini Rikem mbari njiwel pipine." Mau dikon rewang ngarit ora gelem, jonjang karo batire playon bae, siki wis tiba gari geger." 

"Halah brisik nganah adus wis sore." 

Anake nini Rikem angel ning lumrah, pada ngerteni wong tua ora due, ora nana ya pada priatin, ora kaken polah. Bocaeh pada sregep kabeh, ora lanang ora wadon. Risah ya gemien gunane repek maring gunung, Joko ya melu nyonggah wis biasa.

Sejen karo anake nini Sal sing kawit cilik jaluk apa bae ditukokna, siki gedene mung pinter nglomboni maring biyunge. Bayaran buku, bayaran SPP ora tau butul sekolahan. Sekolah ya seringe minggat, kadang malah ora butul acan maring sekolahan.

"Ayuh pada papung wis sore, ngesuk aja dolan disit, jajal ngaso aja playon bae, enggane saben bali sekolah playon tok pegaweane. Mau rewang Kang Paijo sih dadi ora tiba."

"Mau inyong bali goleti arit, ramane karo biyunge diceluki ora semaur, ya inyong lunga maning karo batire."

"Apa iya, wayah apa deneng ora krungu..." 

"Ya mbuh umaeh amleng..."

"Apa mau pas ramane lagi jaluk ya, deneng inyong ora krungu." mbatine nini Rikem.

"Ya wis ngesuk sing manut." Nini Rikem nggendong Denok maring pedangan. 

Didikane nini Rikem pancen maen, sejen karo didikane nini Sal. Nini Rikem tegas maring anak ning ora galak. Kabeh anake dadi manut ya pengertian.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut