get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 48: Njaluk Sangu

Senin, 28 November 2022 | 20:28 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 48: Njaluk Sangu. Foto: Pinterest

"Wis kabeh."

"Kie gulane urung adem aja dilebokna tenggok disit, inyong arep adus." nini Rikem menyat lunga maring mburitan.

Swara gebyar-gebyur krungu butul maring pedangan. Kaki Tupon lagi medang gethuk goreng gaweane nini Rikem.

Nini Rikem mlebu maring umah mung bebedan anduk tok, kaki Tupon nylinguk krungu swara lawang mbukak sekang mburi.

Nini Rikem langsung bae maring senthong klamben, soale seurunge maghrib kudu wis neng terminal, esih suwe jane tapi ngarah ayem sisan gawe bae bar nitis langsung adus.

"Rika tambah tua tambah ayu bae, inyong cokan ora trima angger rika arep ndandeng dandan tambah ayu tapi sing nyawang wong lia." kaki Tupon gemrendheng neng mbatin.

"Ramane... Tulung kuwe gerdus karo tase disiapna bale ngarep, dadi ora nana sing keri." Swarane nini Rikem njaluk tulung kaki Tupon kon ngetokna gerdus karo tas.

"Mol inyong arep ora disangoni ndisit sih kie, biasane ditawani malah kayong sibuk bae inyong ora diurusi kie, jian angger wis mikir anak inyong ora katon pokoke." Karo mlaku metu gawa gerdus karo gemrendheng dewekan.

"Ngomong apa Pa? Kurang genah." Nini Rikem semaur sekang njero senthong.

"Ora, ngonoh." kaki Tupon bolak-balik metu nggawani gerdus karo tas.

Nini Rikem metu sekang senthong wis nganggo klambi maen.

"Miki rika ngomong apa Ma? Jaluk sangu apa? Duit wis tek wei, jangan karo iwak ayam esih kae neng ngisor kekeb, kurang apa maning Ma?" Nini Rikem ora patia genah miki.

"Biasane rika peka ya ngertian, kayong siki lagi ora peka apa sing inyong pengin."

"Hmm, inyong ngerti kie, maksude sangu sing sing liane ya."

"Nah kue ngerti."

"Mbok Paijo karo Denok bali malah magel mengko, kawit mau ora nembung, wis klamben kaya kie nembe ngomong."

"Biasane tawa malah dienteni kayong amleng oda tawa-tawa."

"Yung... Yung... bukakna lawang Yung..." Denok dodog-dodog lawang sekang njaba. Kae miki Bibi Sal celuk-celuk arep mangkat jam pira jere?"

Nini Rikem pating pentheleng pandeng-pandengan, banjut pada gemuyu. Kaki Tupon sing wis menyat sekang dingklik banjut njagong maning, akhire ora sida jaluk sangu maring nini Rikem.

"Ya wis nunggu rika ndandeng disit bae, ora usah dandan ayu-ayu, inyong ora seneng ayune rika disawang wong lia."

Nini Rikem ngemek pipine dewek. 

"Ayu apane sih, mandaran nganggo parem tok karo lipen tipis koh aja kayuen, jan rika tah kaya wong nembe pacaran bae."

Kaki Tupon ora seneng angger nini Rikem dandan, merga nggo sawangan wong lia, kaki Tupon wedi mbok bojone elik maring deweke. Sing arane menungsa mesti ndue rasa keweden mbok ngasih ditinggal ganing wong sing di tresnani.

Dandan apike neng ngumah kanggo sawangan bojo, ningen akeh wong kewalik pada dandan nek arep ndandeng (lungan).

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani 

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut