get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 48: Njaluk Sangu

Senin, 28 November 2022 | 20:28 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 48: Njaluk Sangu. Foto: Pinterest

"Lha angger di wehna rika kabeh sih inyong kon mangan apa neng kene, urip dewekan olah-olah dewek kudu becer maring warung, nege bae ya mblenger mbok. Rika neng ngumah be saben dina gur tege gel ora nana batire, kaki Tupon lah ancengane ya iwak ora keri kon ana gizine, ora kaya rika, saben dina gur nege karo jangan lumbu bae unggal dina."

"Oalah.. rika ora trima diolahna jangan lumbu karo tege?"

"Ya mblenger nek saben dina molaeh kaya kue bae, kudune ya di batiri iwak ayam apa iwak kali, ayam saben ndina di dol duite ora tau cukup bae. Rika kue ora nana syukure mulane sepira-piraa ya ora bakalan cukup."

"Oh... kaya kuwe, dadi rika ora ikhlas aweh duit maring inyong sing saben dina tunggu pawon?!"

"Aduh jan... Kesel ngomong karo rika tah, ora tau bener. Buntute dadi padu, ngonoh karepe rika." kaki Parta menyat karo ngesaki duit sing pating glethak neng meja.

Nini Sal mung ndelengna kaki Parta sing lunga metu njaba. 

"Inyong salaeh neng apa? Ujarku ya ngomong apa anane mbok, deneng Bapane dadi kesuh maring inyong."

*****

Neng sejen panggonan, nini Rikem lagi siap-siap sing nggo agan digawa Bandung. Tempe mendoan, gethuk goreng, gembus mentah, karag (cantir), oyek, lan janganan sekang ndesa.

Gerdus wis dijiret kenceng neng kaki Tupon.

"Endi maning sing arep diwadaih kie, kecombrange mbok keri Yung."

"Wis mlebu gerdus kabeh mbok Ma. Sing penting kupat karo mendoane aja dilebokna gerdus, delah tas bae."

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut