Nini Rikem karo ndelengna bojone sing gobyos kringete dleweran. Atine sing maune arep nembung jaluk duit ora sida, melas ndeleng bojo sing katon kesel. Jane pedangane suwung mulane bisane mung nege tok ora nana klimisane.
"Alhamdulillah... tegene seger temen Yung... Inyong tah lawuh tege tok be bungah pisan apamaning nek ana klimisane nggo gurih-gurih."
Nini Rikem sing mikine arep bungah banjur ora sida, ndadakan kaki Tupon kayong nyindir lawuh klimis.
"Ujare lawuh..." Nini Rikem ora nglanjutna omongane merga kaki Tupon bukak slepa ngetokna duit warna biru, mripate banjur ijo tapi gengsi ya meneng bae.
"Kie Yung nggo maring warung tuku lenga, kayong pedangane mau garing. Kesuwun Yung, esih gelem olah-olah senajan bumbune korat-karit."
Mbok degg jantunge nini Rikem, ora nyana bojone pengertian pisan, mikine deweke arep kemrewek werna-werna dadi ora sida.
"Iya, Ramane...Inyong ya kesuwun jebule Ramane perhatian ya pengertian." nini Rikem ngambung tangane kaki Tupon senajan klupuk belet tok.
Nini Rikem bali ngumah merga badege mbok kesuen ora digeneni.
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait