Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 10: Pamer!

Tim iNews. id
Wisata Baturaden, Banyumas. (Foto:Ist)

"Jikotna kresek kae miki Yung, Si Joko mbuh aweh apa kae mau lagi neng ngisor tangga jalan."

Nini Rikem menyat jikot kresek loro sing ana neng amben bale tengah.

"Anu isi apa sih Maa..." nini Rikem mbukak kresek sing dibundel.

"Daster Maa...tuku neng ndi, kapan...deneng inyong ora weruh. Abang maroon pas banget karo kulite inyong yoh Maa..." nini Rikem katon bungah pisan ditukokna daster neng bojone.

"Nah kie apa maning Maa, deneng dompet cilik, kon nggo wadah duit apa kie...ana gambar kalung karo gelang Maa..." ora sranta dompet cilike dibukak slereke. Bareng dibukak isine werna-werna, ana kalung, gelang, karo ali-ali. Saking bungaeh nini Rikem ijig-ijig mlumpat ngrangkul ramane.

"Kue jajane Risah karo Joko mau, miki dititipna inyong...nah dastere inyong sing tuku neng Baturraden."

"Iya ora papa, senajan daster tok tapi inyong bungah, deneng rika due duit, apa bocahan pada wis ngulungi rika sih..." nini Rikem mandan jlegedeg.

"Ya urung, biasane aweeeh angger arep pada bali ngulon mbok. Kue anu duit..." kaki Tupon ora nglanjutna omongane merga mbok biyunge marah-muruh maning, kemutan lagi adol jengger.

"Duit apa koh..." nini Rikem neges-neges bae.

Kaki Tupon sing di teges-teges bae akhire waleh.

"Angger adol gula, inyong sering nglomboni rika, inyong cokan ngelong sekilo." kaki Tupon semaur karo wedi.

"Ramaneeeeee..." nini Rikem njerit karo nyabet Ramane nganggo daster.

Kaki Tupon pengin aweh maring bojo tapi duit sekang ndi wong pahale bareng terus. Dadi carane mung nglomboni nini Rikem. Nini Rikem senajan ora nuntut ning cokan ngarep-ngarep kaki Tupon aweh ya gawe kaki Tupon nglakoni hal sing ora bener.

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

Editor : Arbi Anugrah

Sebelumnya

Bagikan Artikel Ini
Konten di bawah ini disajikan oleh Advertiser. Jurnalis iNews Network tidak terlibat dalam materi konten ini.
News Update
Kanal
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
MNC Portal
Live TV
MNC Network