"Wis siap kabeh langka sing keri kie..." Joko ngelingna mbok ana sing keri.
"Uwis Kang, wis mlebu kabeh langka sing keri." Denok semaur.
"Ya wis ayuh, Bismillaah..."
Kabean melu ngucap, " Bilsmillaah..."
Mobil mulai mlaku temurun, nini Rrikem sing wis nginum antimo siki ora mabok maning katon bungah pisan. Neng dalan momong putu karo gurisan. Mangkat esuk bali sore, sedina deg golih plesir.
"Kesel yoh plesiran." nini Rikem langsung turonan neng risban bale.
"Dadi rika blenger ora bola-bali pengin plesir. Kie bocahan pada nginep neng umaeh Joko kabeh apa Yung..."
"Iya ndean, belih poran...inyong ya kesel ikih dasare arep ngaso."
"Tok tok tok...Mbekayu Rikem, rika wis bali..."
"Sapa kae Yung..." Kaki Tupon mentheleng maring nini Rikem.
"Kayong memper suarane nini Sal deneng, jajal tek bukake lawange." nini Rikem menyat sekang risban banjur bukakna lawang.
"Yuu...inyong miki maring ngeneh jujugna berkat, mau tes tuku montor honda nggo si Diwan siki wis SMA." nini Sal ngulungna berkat sing dibuntel godong jati.
"Oh, iya kesuwun...nembe bali kie, Joko ngejak plesir maring Baturraden karo numpak tangga jalan mangkat esuk." nini Rikem semaur mandan semu pamer.
"Oh iya Yu, ya wis ngonoh inyong arep langsung kebat." nini Sal langsung bali maring ngumaeh. Nini Sal banene karo gemrendeng trut dalan. " Mandaran maring Baturraden be koh pamer, apa rika ora weruh Inyong bar ditukokna gelang karo daster anyar sih, inyong ya wis tuku montor honda." Karo mlaku karo cathus-cathus trut dalan.
Nini Rikem neng ngumah ya kayong kesuh bar weruh nini Sal ngulungna berkat kayong nguja gelange kon katon.
"Dadi wong koh pamer banget, ndadakan ngulungi berkat koh karo ogel-ogel tangane, Maa...apa ora pamer kue arane. Inyong tah angger due kaya kue ya ora pamer kaya nini Sal."
"Iya...ora beda adoh, wong miki rika be tes pamer bar plesir, he emm..." kaki Tupon semaur karo dehem.
Nini Rikem meneng bae, ngomong neng batin" Iya, inyong ya miki anu pamer, tapi kan jalaran kae pamer disit. Iya bener ramane, inyong ya ora beda karo nini Sal."
"Piwe Yung deneng meneng."
"Ora...lagi kemutan mau." nini Rikem semaure nylimur.
Editor : Arbi Anugrah
Artikel Terkait