get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 31: Gotekan

Senin, 29 Agustus 2022 | 20:15 WIB
header img
Kehidupan suasana di Desa Banyumas (Foto: Ist).

Anane wong sing neng kono pada menyat kabeh tilik maring njaba. Lampu mobil tambah perek umah, ora ganti sue mobile mandeg neng latar.

Lawang mobile dibukak, sing numpak mobil pada mudun. Dayoeh kabean wong sanga, banjut dayoeh pada salaman kon pada mlebu ngumah. Risah katon bungah ketemu calon bojone, semono uga nini Rikam karo kaki Tupon katon bungah pisan.

Waris, aran calon bojone Risah, deweke ngenalna kabeh sedulure sing melu. Ana Uwa, Paman, bibi sing pada melu, Rama karo Biyunge Waris ya pada melu, ben ngerti kahanane umah karo tangga teparone Risah.

Waris dadi Tentara neng Bandung, anak mbarep due adi siji esih sekolah. Kaki Tupon mulai bukak omong, nalikane Risah kue anake wong ora due, genah-genahan karo keluargane Waris. Suyud ( ramane Waris ) nrimakna apa anane, merga Waris karo Risah wis pada demene.

Dunya bisa digolet bareng, sing penting pada tresnane, ora merga ke paksa. Seuwise masrahna sekabeane, Waris ngetokna ali-ali apik pisan, ana loro. Waris menyat, nganggokna ali-ali sing apik mau.

"Alhamdulillah...moga-moga lancar sekabeane."

"Aamiin..." semaur bareng-bareng.

"Kie etungane langsung minggu ngarep bae berati, Kang...dinane digenahna sisan gawe." kaki Parta lanjut buka omong maning.

"Iya, sisan gawe bae gari dietung kue." Pating grendeng pada etung-etungan golet dina. 

Sing pada rewang nglebokna gawane binah bojone Risah, banjut age-age ngracik sroto karo gule. Sauwise getok dina, wis pada setuju kabeh gari acara medang pacitan, ya sroto, karo gule. Meja loro kebek ganing panganan werna-werna sing mandan sejen ora kaya biasane

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut