Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 31: Gotekan

Nini Sal ngintip sekang lawang tengah karo nini Dar.
"Temenan Tentara deneng kue mbekayu..." nini Dar krisik-krisik.
"Iya, rungonku winginane ana sing ngomong anu tentara lomboan."
"Angger anu ora genah aja dikandah-kandahna maring wong akeh Yu...untung langka sing krungu."
"Iya, kae deleng...ali-aline gede yoh, nembe gotek be gawane werna-werna." nini Sal mentheleng ora kedep.
Binah besan ya katon bungah, ora ndeleng mburine Risah sing uripe pas-pasan. Ningen bibine Waris katon ora bombong, wonge ora sumeh kaya ibune Waris. Mripate muter-muter ndelengi umah.
"Olih bojo koh wong udik, umah ya urung gedongan, Waris...Waris..." Minong ( bibine Waris ) karo delalapan ndelengi apa bae.
Wayah jam sanga lewih, acarane bubar, wis langsung getok dina minggu ngarep ngijab. Mbarnggawe gedean wong ganh Joko anak lanang ora mbaranggawe. Dayoeh pada salaman pamit bali, kabeh dayoeh di olih-olih berkat.
Sedulur, tangga teparo, uga nini Sal karo kaki Parta melu pada pamitan bali kabeh. Butule ngumah nini Sal ijig-ijig jengkel ora genah. Mlebu ngumah weruh Yatni lagi ngemban anake, nini Sal tambah ndadi.
"Kae, Risah tah olih bojo Tentara, preyayi...ora kaya ko, olih bojo pengangguran ora teyeng pahal, mangan be jaluk wong tua!" nini Sal ceplas-ceplos kaya ora ngomong karo anake.
Yatni mung meneng ngrungokna biyunge sing lagi kemrewek. Lueh ndlewer ora krasa, urip karo bojo wis gawe ati lara, ngembul biyung saben dina dudon. Yatni nlangsa mlayu maring senthong ngekep anake sing esih cilik
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah