get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 33: Rewang Njenang

Senin, 05 September 2022 | 21:22 WIB
header img
Jenang Jaket (Foto: Mygriyahotel.com)

BANYUMAS, iNewsPurwokerto.id - Cerita Banyumasan kali ini mengisahkan nini Rikem dan nini Sal bersama nini Dar akan membantu membuat jenang ketan untuk persiapan pernikahan Risah.

Orang-orang yang akan membantu sudah banyak, tapi nini Sal justru tidak kelihatan. Semuanya ikut bahagia dengan rencana acara pernikahan Risah, karena memiliki calon yang murah hati.

Cerita Banyumasan kali ini berjudul 'Rewang Njenang'. Jalan cerita Banyumasan ini bersambung setiap episodenya, dan tayang setiap Senin dan Kamis yang ditulis dengan menggunakan bahasa Ngapak.

Berikut jalan cerita selengkapnya seperti dirangkum iNews Purwokerto, Senin (5/9/2022):

Ora krasa ngemben Risah dadi penganten, dina siki nembe bae nampa besan. Gawane Waris werna-werna pisan, pedhet, beras ketan, beras biasa, suluh, klapa, emase setengan ons, lan esih akeh liane maning. Risah kelebu begya due calon bojo sing eman tur mapan.

Nini Rikem wis kemlepet kaya kitiran kawitan esuk, dina siki arep njenang, majik, lan gawe ketan. Pedangane rame banget, akeh sing rewang. Ana sing gorengi, ana sing goreng kenthang, lan lia-liane. 

"Nini Sal deneng ora katon, Tas?" nini Rikem ngendegna Tas sing lagi mbopong baskom.

"Kayane ora mangkat Yu...wingi lagi ana besan teka tah deweke rewang ngarep mburi..." nini Tas semaur karo mlaku.

"Ganing apa maning kae wong...gelang karo ali-ali seprene urung dibalekna, jarku kon rewange semangat. Sal-Sal...wong koh panasan banget, emperan weruh besan kebek sebale ndean atine langsung panas." nini Rikem mung mbatin tok.

"Dar, sing arep njebor ( ngadoni tepung buat bikin jenang ) sapa bae, kae glepunge wis teka ndean, kayong gubes neng emper."

"Nini RT ya wis teka kae, wis pada siap kabeh sing pada arep njebor, baskom karo jembangan wadah banyu ya wis siap, rika maring njaba bae nganah, inyong karo kanca batir sing arep jebor wis siap kabeh ikih." nini Dar mlaku njaba karo nggawa baskom sing nggo agan jebor glepungan.

Nini Rikem wis ora ngurusi nini Sal, sing rewang wis akeh ikih.

Wong sing arep pada rewang njenang wis mulai ngurubna geni, Jadi ( wajan buat njenang ) wis siap neng pawon sekang gedebogan. Bocah-bocah pada rame neng latar, biyung-biyung bocah pada sibuk neng emper pedangan sing wis digaweni gople ( emper dadakan nggo masak-masak ).

Kahananan neng umaeh nini Rikem rame, pas kebeneran bocah sekolah lagi prei. Nini Tas karo kaki Trisno ya melu rewang, senajan nyambi momong ning nini Rikem ya ora tau nggundengi, ngranapi wong anu bala bocah.

Editor : Aryo Arbi

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut