Jeboran jenang wis mulai munggah, ninine sing pada melu njebor uprek ngesorna adonan maring Jadi ( wajan jenang ). Kaki Sapon sing dadi ketua panitia dikon ngurusi segalane ya katon sibuk masup metu ngecek, lamona ana sing kurang.
Nini Dar karo nini Tas rampungan jebor pada jagonan neng lincak mburitan mbari sarap lawuh jangan gandul ajange godong jati.
"Risah bener-bener begya yoh Yu...olih tentara, binah mertua ya eman, besan kebek sebale apa bae digawa nggo isen-isen umah."
"Iya, Tas...kue sing arane wong begya, ora kabeh wong kaya kue...emperen nini Sal ora teka jalaran panas weruh bale kebek ganing gawane binah bojo Risah."
"Ssstttt...wonge teka kae, aja brisik." nini Tas krisikan maring nini Dar.
"He emm..." nini Sal dehem.
"Awanan rika Yu...ngeneh sarap lawuh jangan gandul kie, wis munggah ikih jenange, sing nggo madang awan wong jenang ya wis matengan." nini Dar ngawe-awe maring nini Sal.
"Ngonog dipenak bae, inyong wis sarapan neng ngumah, kie jujugna godong temen ( daun pisang ). Mbekayu Rikem neng ngendi deneng ora katon, apa lagi nyatheti gawne Waris?"
"Lagi neng senthonge Risah ndean, Bi..." semaure nini Tas.
"Besan werna-werna nana wong tua tah ya ora melu ndueni, wong barang semena akeeh dueke Risah karo bojone. Mbekayu Rikem mung nyawang tok." nini Sal katon ora seneng ndelengna Risah olih besan werna-werna.
Nini Dar karo nini Tas meneng bae ora melu semaur, mung pating plirik tok.
Sing arane wong urip kue pikirane ora pada, ana sing melu seneng nek tangga bungah, semeno uga kewalikane, ana sing ora seneng weruh tangga lagi bungah.
Bersambung....
Dening (Penulis) : Umi Asmarani
Editor : Arbi Anugrah