get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Sal Rewang Gethengi Jenang Episode 34: Watek Ala

Jum'at, 16 September 2022 | 05:06 WIB
header img
Gethengi jenang. Foto: Ilustrasi Freepik

Nini Sal melu rewang gethengi neng lincak mburi."Kie sing agan olih-olih binah lanange ya sing mandan patut, aja ngisin-ngisina."

"Iya Yu..." nini Dar semaur mbari gethengi jenang.

Nini Sal dikon dundum jenang trut umah tangga, nyangking cangkingan karo gendong rinjing.

Nini Sal wong pegaweane mung ngandahna wong, ager mlebu umah wong mesti karo ndopok.

"Yu...kie inyong dikonkon neng mbekayu Rikem, jere kon pada melu rasan." nini Sal ngulungna jenang maring nini Sup.

"Oh iya, kesuwun pisan, inyong melu kon nyipi jenange." semaure nini Sup.

"Deneng kayong gagian golih ngijab, kayong nembe gotekan winginane." nini Sup nampani jenang karo takon.

"Jere sih anu binaeh lanang preine angel, tapi ya mbuh temenane...kadangan neng kana gunane wis bareng ndean mulane digawe cepet."

"Apa iloken kaya kue, anu wis lagi isi mangsude apa?"

"Lah buktine age-age diijabna, alesane tentara tah sibuk ora tau prei, wong desa tah gampang dilomboni...jajal bae ngko dideleng wetenge."

"Iloken kaya kue, njajal ngesuk karo nyumbang inyong api-api gleweh bae. Jere besane werna-werna, apa temenan?"

"Kebek sebale, kabeh sing rewang kon mlebu kon weruh gawane, njenang, majik, ngetan ora modal blas mbekayu Rikem ngendelna besanan tok." nini Sal semaur nggandes.

Anane wong sakeloron tambah buket olieh ngandakna wong, nganti ora krasa wis arep wengi nini Sal esih neng umaeh nini Sup.

"Ya uwis Yu, wis wengi kie mbok pada goleti inyong. Angger rika nyumbang ngesuk mlebu pedangan bae ya, inyong megarine ikih."

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut