get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Sal Rewang Gethengi Jenang Episode 34: Watek Ala

Jum'at, 16 September 2022 | 05:06 WIB
header img
Gethengi jenang. Foto: Ilustrasi Freepik

Nini Sal ngrampungna olieh dundum jenang, nganti ngumaeh nini Rikem wis wengi, sing rewang meh arep pada bali kabeh. Nini Rikem beres-beres neng pedangan mburi karo ngelapi godong.

"Kie jenange sapa ya glethak neng amben, tek gawa bali bae kena nggo mengko bubarane, tek kembulna karo bagian." nini Sal gemrendeng dewekan.

Bagian olieh rewang dilebokna rinjing, sing glethak neng amben ya digawa nini Sal, banjut mlebu ngumah pamit nini Rikem.

"Mbekayu...inyong bali disit ya..." nini Sal pamit bali.

"Iya, kesuwun ya wis direwangi...aja kelalen ngesuk gasik tekane, rika wis diwei jenange apa urung?"

"Iya Yu, ngesuk gasik ngeneh...inyong urung diwei bagian, apa ketriwal yoh Yu..."

"Ya wis ganti maning bae kie, tek tambaih nggo si Yatni karo anake ya, ngesuk Yatni ya kon mgeneh, mbok ana panganan apa ya melu kon mangan neng kene." nini Rikem ngulungi jenang gethengan amba maring nini Sal.

"Iya Yu...kesuwun kie jenange." nini Sal metu karo nggendong rinjing sing isi berkat mau.

Nini Sal trut dalan kandah dewekan gemrendeng, obore modor-modor merga urung ana listrik.

"Yatni kon ngeneh bae ngesuk ya...melas kon melu mangan panganan mbaranggawe." nini Sal nirukna omongane nini Rikem,  banene lambene ngasih menceng-menceng.

"Paling-paling ya arep pamer maring si Yatni, mengko gari moyoki Yatni olih bojo pengangguran, ora sudi inyong...pokoke Yatni ora usah mburu maring umaeh mbekayu Rikem titik."

Nini Sal terus mlaku pinggiran pekarangan karo sawah, ngesuk kudu teka rewang gasing maring mbarangawene nini Rikem.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut