get app
inews
Aa Read Next : Musik Batu sebagai Simbol Budaya saat Gelaran Baturrajazz 2023

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 37: Nanggap Lengger

Kamis, 06 Oktober 2022 | 20:10 WIB
header img
Cerita Banyumasan Episode 37: Nanggap Lengger. Foto: Tim iNews

"Ya ora papa, sing penting ngungkuli adine ijaban. Penganten lanang ya wis lagi neng dalan jere, dela maning kayane butul."

"Yatni siki neng ndi Man, kayong ora katon deneng..."

Kaki Parta meneng sedela banjur crita apa anane maring Joko, Yatni kanca sekolaeh Joko ya kanca dolan kawit cilik. Joko manthuk-manthuk krungu critane kaki Parta.

"Tek parani inyong ya Man, melasi temen neng ngumah dewekan." Joko nemoni bojone pamit marani Yatni, banene si Wati katon manthuk-manthuk tandane setuju.

Satekane Joko, Yatni kaget, ora ngira babar blas Joko arep dolan maring umaeh. 

"Joko...?? Esih kemutan inyong? Wis dadi Insinyur, dadi wong kepenak yoh siki, ngeneh mlebu..." Yatni aseng Joko kon mlebu ngumah.

"Ora usah, nganah ko ganti klambi, mengko melu inyong... Risah dadi manten nanggap lengger, nanggap layar tancep, enggane ko ngurek bae neng ngumah. Ayuh melu inyong, gampang bibi Sal ngomeih ngomong bae akone inyong kaya kue."

Yatni ndelengna Joko merga bingung, wedi mbok diomeih biyung Sal. Ningen Joko maksa bae, akhire Yatni manut ngetutna sing diprentah Joko. Mlebu ngumah ganti klambine dewek karo anake, banjur lunga bareng karo Joko.

Binah bojone Risah wis teka karo batir penganten se rombongan, kaki Tamiarji aweh aba-aba maring penayagan kon dimulai kanggo nyambut Waris lan rombongan keluargane. Lenggere langsung munggah maring panggung, swara riuh, ramene sing nonton nambah semanger wengi kie. 

Waris nyalami kabeh seanane dayoh sing neng kono, nini Rikem karo kaki Tupon katon bungah jagong jejeran karo anak lan binah mantune. 

Joko karo Yatni teka banjur melu nyengkuyung bareng neng ngarepan panggonan lengger.

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut