get app
inews
Aa Read Next : Musik Batu sebagai Simbol Budaya saat Gelaran Baturrajazz 2023

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 37: Nanggap Lengger

Kamis, 06 Oktober 2022 | 20:10 WIB
header img
Cerita Banyumasan Episode 37: Nanggap Lengger. Foto: Tim iNews

Desa Gerduren terkenal bibitane lengger kawit jaman kuna, jamane kaki Sandikin butul siki kaki Tamiarji. Lengger Kartinem nembe lagi belajaran, ningen wis molai terkenal neng tangga-tangga desa.

Kaki Tamiarji, Risah, kaki Tupon karo nini Rikem munggah panggung nyiarna seresning kaulane sih Risah, ana bancerane, baskom karo beras kuninge uwis siap. Seuwise rampung kupat slamet dibethot beras kuninge mubyar. Sedulur, tangga sing pada rewang, sing pada nonton melu bancer (nglempar uang ke dalam baskom).

Sing nonton ngebeki latar, bakul plendungan, bakul srabi, bakul kithit, baris neng ngarepan. Sekang kadoan ora keri ana kipyik neng kebon gedangan, banene sing ngrubung rapet ora katon teploke acan.

Tambah wengi tambah rame, ana sing nyawer munggah panggung ngalungna sampur (slendang). 

Nini Sal ora kemaha weruh Yatni katon njagong karo si Wati, karo Joko. Atine kemrutug katon panas molab. Nini Sal wedi mbok ngasih dinyek neng keluargane nini Rikem.

"Wis tek omongi kon aja maring ngeneh, koh delepe maring ngeneh, methengklis nengarepan, mengko angger inyong bali mangsa ora ha." nini Sal mencenger karo ngremed lap sing neng tangane.

Mbaranggawene gari sewengi maning, ngesuk gari nanggap layar tancep jalukane si Paijo. Tembangane pengin nonton layar tancep, dadi neng Risah ditanggapna kon adine melu bungah.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut