get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 39: Nanggap Layar Tancep

Kamis, 13 Oktober 2022 | 21:16 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 39: Nanggap Layar Tancep. Foto: Pinterest

Wingi bengi Yatni diwei duit neng Joko kon nggo cekelan, kena nggo pranti jajan anake wadon. Nini Sal ora ngerti, nalika Joko aseng Yatni maring Bandung.

Layar tancepe wis distel, lakone Arie Anggara, Yatni ndhelik nonton sekang ngisor wit gedang karo ruwean. Film sing diputer kaya lagi nyritakna kahanan uripe deweke. Sing nonton pada melu njebembres nangis, sing nonton rapet ningen ora katon rame sorak, karo gemuyune.

Nini Rikem karo kaluwargane ora nyangka tukang film e nyetel film sing lagi rame jamane semono. Meh kabeh wong sing nonton pada nangis, ningen nini Sal api-api ora weruh film sing nyritakna biyung tiri jahat maring anak temon.

Kaki Parta mlirik maring bojone sing lagi dikut buntel lawuh medang karo janganan.

"Rika ora nonton Yung, kae jajal nonton...film e nlangsani pisan..." kaki Parta aseng nini Sal kon nonton filme.

"Inyong lagi sibuk, Pa... Mengko bae angger inyong wis rampungan." nini Sal tetep bae dikut buntel. Kaki Parta wegah maksa, akhire metu maring njaba.

"Jann... Film koh gawe wong pada ruwean kaya kie, wis bubar ikih, ganti film sing rame..." nini Rikem maju maring panggonan proyektor jaluk ganti film.

"Brama Kumbara, Mas..." swarane Joko sekang kadoan.

"Siap Mas..." semaure pegawe layar tancep.

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut