get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 39: Nanggap Layar Tancep

Kamis, 13 Oktober 2022 | 21:16 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 39: Nanggap Layar Tancep. Foto: Pinterest

Layar tancepe mati arep ganti film, jalukane Joko akhire diputer.

Layare murub maning ganti lakon SAUR SEPUH, episode 'Pesanggrahan Keramat'. Sing mikine amleng ijig-ijig rame swara surak penonton. Gambare Lasmini sing seksi langsung gawe byar penonton rame. Gemrungsung swara wong pada reang, ana sing kandah dewek, ana sing ngemat melu nonton. Agedan werna-werna, ana sing gawe kesuh, gawe guyu, pokoke lengkap.

Saur Sepuh kue film laga, ningen ana lucu ya ana crita sedieh. Unggal bocah wis paham merga pada gunane ngrungokna sandiwara neng radio.

Butul gagat esuk penonton esih kebek, bakulan ya melu rame, meh kabeh bakul dagangane laris. Bakul kacang karo gembus tampaeh wis pada kemureb merga dagangane entong. Bakul sroto sing maune wis mandan adem gagat esuk pada rup ngrubung maning nggoleti sing anget-anget.

Mbaranggawene nini Rikem bener-bener nggawa berkah kanggo bakulan sing melu dagang neng tontonan, ora mung desane dewek tok, ana bakulan jolok sekang desa sejene.

Joko mereki Yatni sing njagong gelaran kandi ndhelik neng ngisor wit gedang karo mangku anak wadone.

"Kie sroto nggo anakmu karo ko Yat... Dimaem mumpung esih anget, ko wis nyiapna klambi sing nggo agan ngesuk mbok Yat, butule nganah neng umahku disit, mengko tek goletna kontrakan pereke Risah yakna."

"Kesuwun banget Joko, inyong dadi ora kepenak karo Wati, omongna kesuwun ya... Klambine aku karo ne Murni (anak wadone Yatni) wis tek wadaih tas kabeh, gur gari mikir pamite maring ramane karo biyunge."

"Siip... Iya, mengko tek omongna maring Wati, semoga ngesuk diwei kelancaran olieh jaluk ijin. Ya wis, aku arep mbatiri dayoh disit."

Joko wis paham banget maring Yatni, gemien lagi cilik angger nangis diomeih nini Sal mlayune maring umaeh nini Rikem sing emane kaya biyunge dewek. Paribasan ndadar ndog siji ya secewil ewang. 

"Inyong wedi mbok Wati cemburu, aku jane kesuwun banget maring ko...moga-moga Wati nrima inyong dadi sedulur wadon. Butul ngendia ko kue batirku ya sedulur lanangku Joko." Yatni ngomong lirian mbari mrebes mili ngrangkul anake.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut