get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit

Senin, 21 November 2022 | 22:12 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit. Foto: Freepik

Yatni langsung ngendegna omongane Murni karo nutupi tutuke Murni. 

"Huussttt, aja ngomomg kaya kue mbok Om Lukman krungu." 

Murni langsung meneng kaya bancet kepidek. Ningen Lukman mandan krungu swarane Murni, dadi api-api dehem sekang njaba. 

Ora ganti suwe Yatni karo Murni pada metu wis nganggo klambi apik. Sing biasane ora dandan apa anane, siki Yatni katon dandan, Lukman sing maune weruh biasa bae wis demen apa maning siki dandan katon ayu lan kewes.

Rasane ati wis tambah ora nggenah, pengin gagian ndueni ben cepet halal dadi bojone Yatni karo dadi bapane Murni. Angen-angene ndue bojo Yatni saben ndina ngganggu pikirane Lukman. Sedawane urip nduda, Lukman urung tau demen maring wong wadon lia, nembe ngalami jantung kemreteg pating gleser ya karo Yatni. 

"Wis siapp?!"

"Uwis Om..." swarane rosa semangat pisan.

Mobil wis siap neng ngarepan toko, Yatni munggah maring njero mobil karo mangku Murni. Mobil mlaku londogan lunga sekang toko. Lukman pengin nyenengna Yatni karo Murni.

****

Neng sejen panggonan nini Sal lagi kedengan jarit rapet karo ngruntuh. Kaki Parta lagi ngorogi pongkor karo genenu badeg neng pedangan.

"Tok...tok...tok..." swara lawang di dodog sekang njaba.

"Bapane...kae sapa sing dodog-dodog jan brisiki temen, bukakna kae Pa..."

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut