get app
inews
Aa Read Next : Ahmad Tohari Apresiasi Peluncuran Novel Bahasa Penginyongan Kaki Tupon lan Nini Rikem

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit

Senin, 21 November 2022 | 22:12 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 46: Kiriman Duit. Foto: Freepik

Kaki Parta sing krungu nini Sal jaluk tulung kon bukakna lawang banjut metu bukakna lawang.

"Eh, pak RT... kadingaren temen ana apa kie? Mayuh mlebu njero disit.

Kaki Sapon banjut mlebu maring bale tengah.

"Mboke lagi ngendi kie kayong amleng."

"Lagi mriang kawit winginane, lagi mujung kae neng senthong."

"Wis suntik apa urung?"

"Ya urung, ngentenu adol gula disit mengke sore, wingi ya wis tek wejekna godong dadap asrep, kae siki ya wis tek jiret karo luwingan kon mandan entheng siraeh."

"Ya wis kie duit kirimane Yatni dijikot nganah maring kantor pos, mengko kena nggo suntik mboke maring umaeh pak mantri Yono."

Rasa bungah ora percaya, Yatni ngirimi duit. Kaki Parta meneng nlangsa, kemutan nalika neng ngumah gunane diomeih nini Sal bae.

"Anu apa Kang..." nini Sal sing esih kridongan jarit, siraeh jiretan luwingan ijig-ijig metu sekang senthong.

"Si Yatni kirim duit kie...ya ndean kon nggo pranti becer rika." kaki Sapon ngulungna kertas pesagi sekang kantor post.

"Angger duit tah lagi mriang nana langsung nggrenjal mari, padahal wis rong dina kedengan bae neng senthong."

"Yatni kirim duit Kang...ya kesuwun pisan Kang, mengko Bapane sing kon jiot maring kantor pos." nini Sal nampani kertas sing di ulungna. Kaki Sapon pamit bali, Nini Sal katon sehat mbedigas. 

"Duite nggo nyaur Mbekayu Rikem disit dipentingna kue..." 

Kaki Parta karo nutur tegesan nggo nyampuri linthingan, kawit wingi urung kober adol gula, slepane ya ngledig.

"Inyong pengin maring Bandung tilik panggonane Yatni, kie duite arep nggo tuku prelikan disit ngesuk. Wis kinganah duite dijikot, selek sore, salatane ya udan bae angger sore."

"Ya mengko, tes nderes, ngorogi pongkor, ngonclang mbarang, urung sarap acan wong kusane dibukak suwung. Rika tah mikire pamer tokek, apa ora isin maring tangga."

"Halaah...kadaran sing tukang pamer ya ora mung inyong tok ikih, mengko tek gorengna oyek disit sedela." Nini Sal banjut mlebu maring pedangan nggoreng oyek.

Nampa kiriman duit, sing mikine kedengan banjut sehat mbedigas. Duit pancen ora kena digawa mati, ningen urip ora nana duit ya rasane kaya mati. Amben saben wengi amleng merga duite garing, ningen angger Kaki Parta duite kandel ya dela-dela ambene moni.

Sejen karo Nini Rikem, ana ora nana duit ya pada bae tetep guyub, senthonge ya rame terus merga udu duit sing nggo pokok ningen tresna lair batin, mengerteni panggonan sing becik karo sing ala.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut