Logo Network
Network

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung

Tim iNewsPurwokerto.id
.
Kamis, 24 November 2022 | 21:27 WIB
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung. Foto: Pinterest/@sonyarifif

Nini Sal esih ilang-ileng gelang sing lagi dienggo.

Krungu Yatni wis kerja kepenak nini Sal bungah pisan, merga pikirane nini Sal, Yatni kena nggo tunutan. Apa maning nek ngerti Yatni lagi didemeni bos roti mbuh arep apa sing mengko dijaluk.

"Genine tek cuncek bae disit lah, arep nyaur utang maring Mbekayu Rikem ndisit." nini Sal nyuncek geni sing lagi molab-molab. Mlebu maring senthong, ngaca karo nganggo kalung gelang, bolak-balik ora rampung-rampung olieh ngaca. Kaya bintang pilem sing lagi akting.

Ora ganti suwe, nini Sal mangkat sengkud maring umaeh nini Rikem. Sekang kadoan nini Rikem lagi rikat-rikat neng latar umah dibatiri kaki Tupon sing lagi udud.

"Jiaannn kaya penganten anyar bae rika tah, ora kaya tanggane sing esuk-esuk wis pada gegoh."

"Tanggane inyong sing tukang gegoh ya mung rika tok."

"Hii hii...iya pancen bener rika Kang..." nini Sal semaur ngakoni karo ngguyu.

Nini Rikem liren olieh rikat-rikat, njagong neng risban jejeran karo kaki Tupon. Nini Rikem mlirik maring anggon-anggone nini Sal, jero menenge ya gemrendeng. 

"Saall...Saall...utang be urung disauri koh kemrincing, moga-moga teka ngeneh karo nyaur."

"Kepriwe kabare Yatni? Joko kandah neng tilpun jere wis ngode neng tokone batire, kon tunggu toko karo ngrumatna umah sisan. Malah jere Joko, sing dueni kue anu duda."

Nini Sal meneng bae, ningen pikirane mlaku-mlaku.

"Deneng Yatni lagi tilpun ora kandah maring inyong, mandaran wis olih kitir randa ikih, caraku ya bose dipereki bae, mbok menawa ana jodone. Ngemben tek sidakna mangkat maring Bandung kie tah." nini Sal ngomong neng batin.

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News

Halaman : 1 2 3
Bagikan Artikel Ini