get app
inews
Aa
Read Next : Apa Itu Malam 1 Suro? Dianggap Keramat dan Sakral bagi Masyarakat Jawa

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung

Kamis, 24 November 2022 | 21:27 WIB
header img
Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 47: Rencana Maring Bandung. Foto: Pinterest/@sonyarifif

"Eh, iya Yu...winginane wis kirim duit, kie karo nggo nyaur rika, kurangane kapan-kapan. Yu... Risah Bandunge neng ngendi, inyong pengin dolan maring panggonane Yatni."

"Ya kesuwun kie duite, Risah karo Joko bareng sekomplek siki tah, angger karo Yatni mandan adoh..." nini Rikem nampani duite banjur dibundel.

Nini Sal esih krampyang-krimpying nyincing-nyincingna lengen klambi bae.

"Yung...Yung... Sali arep disunati, miki sekang sekolahan digawa bali lagi diundangna mantri." Denok mlayu-mlayu sekang sekolahan.

"Anu kepriwe critane deneng sunate dadakan temen..." kaki Tupon takon karo kewatir.

"Anu mau tes pipis, olieh nyleting keseron banjut m*nuke kecangkol sleting Maa...bocaeh nangis bae, dadi inyong melu bali gasik."

"Jan...jan...ana-ana bae...mulane Joko ora mbaranggawe genah anu sunat dadakan gemien."

"Dadi batire bali gasik kabeh..." nini Sal takon maring Denok.

"Iya Bi. Sali nangis bae, pak guru karo bu guru jujugna bali miki karo inyong sisan."

"Ya wis inyong arep bali, lagi ninggalna badeg kie, mbok rika arep melu maring Bandung ya mayuh pada mangkat bareng ngemben." 

"Si Denok urung ana preian, jane sih pengin nunggoni Risah, lagi nyidam tapi ora doyan mangan apa-apa blas, mung nginum tok."

"Ohh...dadi wis nyidam Mbekayu, wis umur pira Mbekayu?"  

"Nembe ngancik rong wulan kie."

"Jan langsung dadi yoh."

"Ya tibane suwung sewulan, wong let pengantenan esih ketekan dayoh wulanan."

"Ya wis ngemben mangkat bareng bae, ijin disit ya kena si Denok ngesuk. Bali Mbekayu..." nini Sal menyat karo nyincingna klambi men gelange katon. Ningen nini Rikem ora kaget, deweke gelang pirang-pirang ora tau dinggo."

Nini Rikem nyanggupi ngemben pada dolan maring Bandung tilik Risah sing lagi nyidam.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

 

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut