get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 28: Nyilih Emas

Kamis, 18 Agustus 2022 | 21:10 WIB
header img
Ilustrasi perhiasan emas

"Ko arep adus Sah...mbok atis kae panci mburi uwis umob." nini Rikem tawa banyu panas.

"Banyu adem bae men seger, mengko lah dela maning." Risah njagong jengkok karo garang neng ngarep pawon.

Nini Rikem lagi uprek napungna karon maring kusan, Risah mbari garang mbari gatekna biyunge sing nang ngarepane, banjut menyat maring sumur. Sekang mburi umah, nini Sal celuk-celuk." Mbekayu, kie sidane sing arep pasar rika apa inyong bae."

"Rika bae ya kena nganah, inyong lagi ketanggungan, karo celukna Tas kon gagian ngeneh, kie duit karo cangkingane." nini Sal mlebu ngumah jikot duit karo cangkingan banjut mangkat pasar.

Gotekane Risah mengke bengi, calon bojo ya wis bali bareng sekang Bandung maring Banyumas. 

Ora ganti sue nini Tas teka nggendong Darwan karo nuntun Sugeng." Jian, inyong tah ora teyeng rewang Yu...mung andon rewang mangan tok karo nggawa bala bocah.

"Halah ora usah mikir kaya kue, boceh manut ikih di jagongna bale nganah, akeh bocah ikih."

Nini Tas ngedunna Darwan karo Sugeng neng gelaran klasa, nini Rikem wonge cepet, tangan loro nyambi nganah-ngeneh. Nini Tas mlebu maning, terus rewang-rewang neng pedangan. Risah rampungan adus mbanjut klamben maring senthong, seuwise rampungan klamben metu nyalami nini Tas.

"Piwe kabare, Lik?" 

"Alhamdulillah sehat, jan tambah ayu bae yoh, begya ko Sah, olih bojo tentara wong perek bae."

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut