get app
inews
Aa Read Next : Menikmati Tempe Mendoan untuk Takjil Buka Puasa Ramadhan, Ini Resep dan Cara Membuatnya

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 28: Nyilih Emas

Kamis, 18 Agustus 2022 | 21:10 WIB
header img
Ilustrasi perhiasan emas

"Iya, Alhamdulillah Lik. Kie si Darwan karo Sugeng tek jak mlaku-mlaku ya Lik."

"Ya nganah, angger nangis ya bali ngeneh maning bae."

Kurang lewih wis ana telung jam nini Sal pasar, banene keweng-keweng suarane sekang emper kidul, langsung mlebu maring pedangan.

"Sing arep melu gotekan wong pira Mbekayu, tepate jam pira mengke bengi" nini Sal nitik-nitik pengin ngerti genaeh.

"Mbuh wong pitu mbuh wong sepuluh, mengke bengi ba'da maghrib, jere dulure pada pengin dolan ngeneh, ujare tah kon neng umaeh Joko, tapi mbesuk bae angger ngijabe. Inyong tah ora isin ora, senajan umaeh esih kaya kie. Angger dasar pancen wong tresna umah ora dadi alangan."

"Iya bener Mbekayu...Yu...inyong arep ngomong penting, maring senthong disit sedela mayuh."

Nini Sal nggered tangane nini Rikem mlebu senthong." Yu...anu...inyong arep anu kie..." nini Sal ngomonge gugup.

"Anu apa Sal, gari ngomong bae aja anu-anu bae."

"Mbekayu...inyong nyilih gelange mengke bengi nggo patut-patut, angger wis rampung gotekan mengko tek balekna maning. Genah kalung gelange inyong brindil didol nggo si Yatni, bojone ora tau pahal ya tek prentah kon bali bae." nini Sal nembung karo mandan isin.

"Ya kae, gelange inyong anu akeh ikih, ditukokna Joko ganu, ningen ora tau tek nggo." nini Rikem mbukak lemari jikot benahan emas. 

"Arep milih sing endi kie gari milih, mengko inyong nganggone lewiane bae."

"Nini Sal dikut milih gelang karo ali-aline, kalunge tah mung siji dadi ora nyilih. Seuwise rampung milih langsung dinggo karo ngaca." Wis Yu kie bae, gelang karo ali-aline."

Nini Rikem nglebokna emase maning maring lemari, nini Sal metu sekang senthong maring pedangan rewang olah-olah. Nini Rikem mung mesem, merga wis apal wateke nini Sal.

Bersambung....

Dening (Penulis) : Umi Asmarani

 

Editor : Aryo Arbi

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut