get app
inews
Aa Read Next : Inikah Daftar 50 Anggota DPRD Terpilih Banyumas?

Cerita Banyumasan, Kisah Kehidupan Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 36: Mbaranggawe

Kamis, 29 September 2022 | 20:38 WIB
header img
Kehidupan suasana di Desa Banyumas saat mbaranggawe (Foto: Ist).

Nini Tas manthuk-manthuk, mbari mbuntelna lawuh medang, banjur diulungna maring nini Sup. Nini sup nggawa buntelan akeh maring ngarep, nini Rikem ora weruh merga lagi nyalami dayoh. Buntelan kue mau langsung dilebokna rinjing sing wis metu neng amben njaba, mbanjut api-api jagong karo medang.

Nini Rikem lagi nemoni nini Kisem. "Ayuh Wa medang seanane kue..." nini Rikem tawa kon medang.

"Iya Kem...enak temen kie jenange, kenyil-kenyil, legine ya sedengan...mateng jam pira wingi sore."

"Iya kue Wa, ngonoh dicipini kabeh...mateng sore, ya pas nini Sal jujug-jujug jenang kae...butul umaeh rika jam pira wingi sore?" 

"Ora butul umaeh inyong ora, inyong nembe nyipi kie..."

"Oalah dadi rika keliwat kie, ya mengko kon dibuntelna nini Sal apa Tas." 

"Ujarku Uwa Kisem tek wei gethengan gede wingi sore, sih ilang maring ngendi." nini Rikem mung mbathin tok.

"Yung...kae dayoh sekang ndi yoh, rombongan karo trek, inyong kayong ora paham, apa tunggalane sekang eyange yoh." kaki Tupon nyeluk nini Rikem sing lagi mbatiri Uwa Kisem medang.

Nini Rikem karo Kaki Tupon pamit metu maring njaba nemoni dayoh se rombongan. Jagongane nganti ora medeng, ndadak digelarna tenda neng emper.

Dayoh ngasih mludag butul ngemper kiwe tengen, wong Nini Rikem gunane melu nyumbang mbuh ngendi bae ningen ora tau mbaranggawe.

Nini Sal sing dadi megari ngasih kesel ugel-ugelan tangane, merga saking akeeh dayoh sing teka.

"Mbuh due anggon-anggon apa mbekayu Rikem, dayoh koh kaya banyu ora mandeg, ora kaya inyong ganu lagi mantu si Yatni, andang-andang inyong tah ganu udan gejes, si Risah tah pas diwei terang ya dayoeh mili terus. Biasane ager nyolong wuwu ( hamil duluan ) diwei udan ora liren, kie koh terang klanthang." nini Sal gemrendeng neng ati.

Dayoh butul sore esih ndilir, ndilalah diwe terang senajan mangsan udan. Sedela maning gamelan karo penayagan lengger teka, medangan kanggo agan rombongan lengger uwis siap kabeh. Lampu petromak wis mulai diisi latung nggo agan mengke bengi.

Bersambung...

Dening (Penulis): Umi Asmarani

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut