get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar

Senin, 17 Oktober 2022 | 20:15 WIB
header img
Cerita Banyumasa, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar. Foto: Freepik

"Wis wayah wene koh Yatni urung teka, apa ora olih neng Bibi Sal ya...apa tek buru bae maring umaeh..." Joko menyat pamit maring Wati arep marani Yatni. Wati sing wis siap banene manthuk-manthuk.

Joko ngeciput maring umaeh Yatni, sekang kadoan Joko krungu reang-reang ana wong nangis sekang umaeh Yatni.

"Ko kur andon di isin-isini tok neng kana, kon dadi babune Joko, umbah-umbah karo rewang olah-olah, dadi bocah aja gelem dilombo Yatniii..." nini Sal gemlundang neng pedangan karo ngomeih Yatni.

Kaki Parta sing mikine meneng langsung menyat. "Rika lah dadi wong tua koh urung pernah ngomong bener, apaning maring keluargane Mbekayu Rikem, pengawake rika kue iri terus, dadi wong kue aja drengki... Joko arep nulung Yatni sing lagi rekasa uripe, ora wurunge neng kene ya ko ora eman, rika pengine kepriwe jane?"

"Ya nganah lunga los, ana apa-apane aja jaluk tulung wong tua maning!!" nini Sal semaur karo mbanting lawang.

"Ora Yung, inyong arep pahal dewek nggo ngempani anake dewek, inyong arep ora jaluk maring rika maning, inyong jaluk ngampura sering ngrepoti rika." Yatni semaur karo mingsek-mingsek.

"Jeglekk!" swara lawang dibukak sekang njaba. 

"Joko?"

"Joko?!" 

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut