get app
inews
Aa Read Next : Dalang Cilik Risang Narendra Wakili Banyumas Ikut Festival Dalang Anak Tingkat Nasional di Jakarta

Cerita Banyumasan, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar

Senin, 17 Oktober 2022 | 20:15 WIB
header img
Cerita Banyumasa, Kisah Nini Rikem dan Kaki Tupon Episode 40: Penganten Anyar. Foto: Freepik

"Iya Man, Bi...inyong sing arep tanggung jawab angger Yatni ngasih ora teyeng madang neng Bandung. Ngampura Bi, inyong arep marani Yatni, mobil wis siap gari ngenteni Yatni tok."

Joko ngranggeh tangane Yatni karo nyangking tas disengi metu ngumah. Kaki Parta ngrangkul anak karo putune, nini Sal jagong meneng bae neng dingklik. Yatni pamit salaman maring Ramane banjut lunga ngetutna Joko.

Nini Rikem karo Kaki Tupon sing weruh Yatni tes nangis melu nlangsa.

"Neng kana sing ngati-ati ya, Murni dijaga...syukur mengko Joko nemu pegawean kepenak kanggo ko neng kana."

"Iya Wa kesuwun dongane Wa." Yatni ngambung tangane Nini Rikem mbari ngrangkul karo sesenggukan.

Nini Rikem mereki Joko sing lagi nglebokna gerdus karo tas neng njero mobil." Joko...inyong titip Yatni karo titip Wati...ko aja ngasih nglarani atine Wati, ko kudu bisa njaga perasaane Wati...ngesuk apa ngemben Yatni langsung digoletna kontrakan."

"Iya Yung, inyong ngerti mangsude rika..."

Seuwise siap Wati karo Yatni mlebu maring njero mobil, ana ne wong loro pada njagong neng mburi kabeh karo mangku anake dewek-dewek. 

Swara klakson mobil nandani Joko pamit, mobil mlaku alonan, sue-sue adoh ora katon.

Nini Rikem karo kaki Tupon pada mlebu maring ngumah." Si Risah karo Waris uwis pada maem apa urung kie Maa...kayong kawit mau urung metu."

"Urung pengin ndean..."

"Maa...winginane amben senthong ngarep wis diijoli karo sing bener apa urung?" nini Rikem krisikan maring kaki Tupon.

"Ora kober winginane..." anane wong sakeloron pada gubes lirian.

Neng njero senthong, Risah karo Waris wis pada mapan turu neng amben, ora nana swara apa-apa mung mripat tok sing pating pentheleng.

"Ambene moni bae angger dewek obah, Sah..." 

"Iya, ramane ora nglambangi amben mburi ndean, terus piwe Mas...ya lirian aja keseron..."

"Piwe yoh, ya ora marem, apa nggelar klasa bae Sah..."

"Ya awake inyong lara mengko, Mas..."

"Ya aja, nggo neng Bandung bae ya..."

"Apa ora pengin siki, Mas...nyambi nyetel radio yakena dadi sing neng njaba ora krungu ambene moni."

"Iya bener, ngeneh radione distel...teploke sirep bae ya padang wulan ikih esih katon gremeng-gremeng."

Editor : Pepih Nurlelis

Follow Berita iNews Purwokerto di Google News Lihat Berita Lainnya
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut